Rabu, 13 Januari 2016

Gugup dadi kesel

GUGUP DADI KESEL

                Rikala dinten Jumat wingi kula nemahi kadadosan ingkang boten sekeca amargi ndadosaken lingsem. Kadadosanipun mekaten:
                Dalu Jumat kula tumut lek-lekan setahun sedanipun embah wonten dalemipun embah. Kula melek ngantos jam 12.00-an dalu. Dugi griya jam 12.30-an, langsung kemawon tilem, angler ngantos enjang.
                Enjangipun... tangi kula kesiangan. Rikala menika jam sampun nedahaken tabuh 06.15. kula kaget! Sumelang, enggal-enggal mencolot nyaut andhuk, byar-byur, adus bebek. Kula wastani adus bebek amargi anggenipun adus enggal-enggal, tanpa kosokan. bibar adus ngangge seragam ugi sepatu. sedaya katindhakaken kanthi kasesa.
                Kula mangkat gugup sanget. Geas-geos, geas-geos sepedha kula genjot kanthi ngebut, angkah kula supados boten ngantos kesiangan. Alhamdulillah saged dugi sekolahan kanthi slamet, boten kesiangan sanadyan ta mepet bel.
                Sepedha kula parkir, rikala menika kula mireng wara-wara lumantar speker, para siswa kapurih ngantos ngangge seragam olahraga lajeng kempal, baris wonten ing lapangan , jalan santai badhe enggal dipun wiwiti. Mireng mekaten kula kaget, Astaghfirullahal’adzim... kula kok blas boten kelingan. Saking kasesanipun ngantos kesupen boten ngangge utawi bekta kaos olahraga kamangka dinten Kemis Pak Guru olahraga sampun wara-wara bilih ngenjang Jumat para siswa kedhah ngangge utawa bekta kaos olahraga amargi badhe wonten acara jalan santai.
                Wah, kados pundi menika, kula boten ngangge kaos olahraga, mesthi bakal angsal paukuman. Gandheng sampun kadhung dugi sekolah pramila inggih kula tumut kempal keawon wonten lapangan sareng kalih kanca-kanca sakelas. Kula ndonga mugi-mugi boten konangan Pak Guru lan Bu Guru. Kanca-kanca sami taken, “Bisane kowen ora nganggo kaos olahraga sih?”, kula wangsuli, “Klalen”.
                Kanca kula taken malih, “Kan wis diumumna, ora krungu?”
                “Krungu, aku klalen mau gugup nemen”. Mekaten wangsulan kula. Saweg gineman mekaten, adhuh wontwn Pak Guru badhe mriki, blaik bakal konangan aku. Nembe kemawong kula badhe pindhah panggenan, jebul saking wingking wonten ingkang nyepeng pundhak, kula minguk, ya Allah, Pak Guru Olahraga.
                “Kenapa tidak pakai kaos olahraga?”
                “Lupa Pak, maaf”
                “Lho! Kemarin kan sudah diumumkan, kemarin masuk tidak?”
                “Iya Pak, masuk”. Kula tumungkul kemawon amargi ajrih. Kringet medal gumrobyos.
                Pak Guru duka, kula dipundhawuhi resik-resik kelas, ruwang guru ugi ruwang perpustakaan. Anggenipun resik-resik ngantos para siswa ingkang jalan santai dugi sekolahan malih.

                Wonten nglebet manah kula janji, badhe tertib, boten badhe kados mekaten malih, sampun kesel ketambahan isin.

Sumber: Asah Basa Basa Jawa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar