Peksi Jathayu
Rajaning peksi menika namanipun Jathayu. piyambakipun dados mitra kenthalipun Raja Dasarata. nalika sumerep anakipun mitranipun dipuncidra dening Rahwana, Jathayu enggal tumandhang mitulungi. kreta kencana dipuntrajang kemawon, Shinta dipunrebat. nanging Rahwana nggegegi, boten nguwalaken, dedreg udreg-udregan, rebatan Shinta wonten ing gegana. eman jane Jathayu Kalindhih, dipuntatuni saha dipunajar dening Rahwana. salah satunggaling swiwi sengkleh tugel. taksih megap-megap dipuntendhang, kumleyang ing awang-awang. lajeng dhawah ing siti klebekan.
Laku lampahing kretanipun Rahwana nggondhol Shinta. Shinta kesakitan, badanipun lungkrah boten kanten-kantenan dipuceneng-ceneng kangge rebatan. Sakedhap-sakedhap polah nedya uwal, nanging tetep kasikep dening Rahwana ingkang linambaran raos nepsu lan kasmaran dhateng Shinta ingkang kanyata ayu merak ati, ketes-ketes pindha woh kates. Shinta sagedipun namung nangis nyuwun welas asih saha ngrerintih sedhih. sekar cumdhuk, gelang kalungipun sami dhawah pating kececer. sinten kemawon ingkang sumerep kawontenan saha polahipun menapa dene mireng tangis tuwin pisambatipun Shinta temtu tumut trenyuh sedhih. kewan-kewan wana, wit-witan, thethukulan, rerumputan kemawon tmumut welas asih. redi-redi mendel bisu, sisah. anging boten lumampah. angkasa timbreng nglemeng nggameng kesaput mega mendhung. srengenge surem, sorotipun kucem. sedaya isinipun jagad, tumut nandhang sungkawa. namung tiyang setunggal ingkang boten gadhah raos welas, inggih punika Rahwana.
Dumugi ing Nagari Ngalengka, Shinta dipunpameri kaendhahaning kraton, barang-barang sarta prabot ingkang sakalangkung edi peni, mawarni-warni rerenggan, masa, entan, barleyan. nanging dhateng sedaya kala wau Dewi Shinta boten gumun, malah boten ngrewes. Rahwana cobi ngarih-arih dhateng Shinta, nanging Shinta malah cariyos bilih piyambakipun tansah enget lan tansah setya dhateng Rama. mireng mekaten punika, Dasarata utawi Rahwana muntab nesunipun, lajeng pratela menawi Shinta boten teluk, badhe dipuntelasi. Shinta tetep teguh santosa ing budi. Rahwana sansaya jengkel, lajeng mrentahaken supados Shinta dipunjagi dening para raseksi ingkang galak-galak saha ndrawasi.
Ing tengah wana anggenipun mbebedhang kidang boten pikantuk damel. Rama lan Lesmana wangsul nglanthung. Dummugi ing panggenanipun, Shinta sampun boten wonten. Diounpadosi boten wonten. Dipunceluk, dipunbengoki inggih boten wonten ingkang nyauti.
Rama manggah sekar cundhuk tuwin saperanganing anggen-anggenipun Shinta. Punika sami sampu kececer. Ing panginten, Shinta dpunpadung utawi dipunmaling. Rama duka sanget. Jagad saisinipun badhe dipunjungkir walik, angkasa badhe dipunkebaki panah. Anging badhe dipunsigeg. Tujunipun Lesmana saged atur panglipur, saengga manahipun Rama lilih. Kekalihipun nglajengaken anggenipun anggenipun mlampah, nglacek madosi ingkang ical, dumugi ing panggenanipun Jathayu. Jathayu menggeh-menggeh ngos-ngosan meh koncatan nyawa. Senajan mekaten, Jathayu taksih saged nyariosaken lelampahanipun, sarta saka sasmita utawi tandha arah mlajenging pandhung Shinta kabekta dhateng Nagari Alengka. Dereng ngantos bibar anggenipun matur, Jathayu ngemasi, pralaya ing jati. Amargi boten saged katulungan malih, raganipun dipunbesmi dening Rama lan Lesmana. Keluking latu kumelun nggayuh gegana nedahaken penering negara Alengka. Lajeng kapireng swanten gaib ingkang suka pitedah caranipun saged pinanggih Shinta.
Mireng sasmita ingkang mekaten , kekalihipun lajeng bidhal gegancangan saprelu madosi lan Manggihi Ayu Shinta. Ing tengahing lampah, wonten ingkang paring suka pamrayogi bilih Rama lan Lesmana prayogi minta sraya dhateng rajaning wanara. Punika samangke badhe saged mbengkas karya ngluwari Shinta saking kasangsaran amargi saking pokaling Rahwana raja.
Sumber: Marsudi Basa lan Sastra Jawa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar