Minggu, 03 Januari 2016

Cangkriman

Cangkriman

Cangkriman iku unen-unen sing kudu dibedhek (dibatang). Mula cangkriman diarani uga bedhekan.
Cangkriman Wancah
1.       Pak boletus: tepak kebo lelene satus
2.       Burnaskopen: bubur panas kokopen
3.       Pindang kileng: sapi nang kandhang, sikil mentheleng

Cangkriman Pepindhan
1.       Pitik walik saba kebon. (nanas)
2.       Sega sakepel dirubung tinggi. (nanas)
3.       Emboke dielus-elus anake diidak-idak. (andha)
4.       Gajah nguntal sangkrah. (pawon)
5.       Dikethok malah dhuwur. (celana)
6.       Disuguh opak angin. (ora disuguhi apa-apa)
7.       Ing dhuwur wayangan, ing ngisor jedhoran. (ngundhuh krambil)
8.       Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh. (geni)

Cangkriman Wujud Tembang
Pocung
Bapak pocung
Amung sirah lawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka
Si pocung dadi dahana

(penthol korek)

Sumber: Pepak Basa Jawa Lengkap

Cerkak

Tresna

Nangis. Ya, iku wis kebiasaane saben dina. Trenyuh ati iki nalikane eling karo jejaka kang wis ninggalake aku kanggo wadon liya. Pancen ora duwe perasaan kok, tresnaku sing tulus malah ditinggalake mung kanggo wadon sing luwih ayu kang durung dingerteni tresnane. Prastawa kuwi wis lawas, nanging kebayang terus ing pikiran, gawe nyeseke ati. Aku wis coba kanggo nglalekake nanging susah. Saben nyembah marang Gusti aku nyuwun supaya diwenehi ati sing ekhlas. Aku coba golek kagiyatan akeh supaya ora kelingan maneh, apa maneh saiki aku wis adoh saka Santo, aku ning Semarang, Santo ning Bekasi. Ora ngerti kepriye, dina iki aku krasa kangen banget marang Santo, bubar sholat ashar aku donga nganti nangis, kepengen banget krungu swarane Santo nanging aku ora wani telpun marang Santo. Pancen Gusti krungu dongaku, esuke sawise aku donga, Santo SMS aku, takon kabarku. Atiku krasa seneng banget, kesempatan iku takmanfaatake supaya aku bisa komunikasi karo Santo. Wiwit kuwi Santo dadi sering banget komunikasi karo aku, malah takon apa aku esih duwe perasaan karo dheweke. Nalika ditakoni aku bingung, sakjane ya aku esih duwe perasaan kanggo dheweke nanging yen aku ngomong aku wedi Santo bakal jaluk balik karo aku merga wektu kuwi Santo lagi padu karo pacare. Dugaanku bener, Santo ngajak balikan nanging aku ora gelem merga aku ora penak karo pacare, aku mikirake perasaane pacare Santo.
Wiwit saka iku aku mulai ngadohi Santo, aku ora komunikasi maneh karo Santo, aku wis ngomong marang Santo supaya njaga pacare, aja nganti gawe lara atine merga aku wis ngrasakna larane. Aku ora pengen wong liya lara ati gara-gara aku.
Nem sasi aku ora komunikasi karo Santo. Aku coba golek kagiyatan supaya aku ora kelingan Santo. Aku uga golek kanca akeh, nganthi aku cedhak karo salah siji kancane Mas-ku, yaiku Mas Udin. Aku sering banget komunikasi karo Mas Udin, Mas Udin uga kerep dolan menyang omahku. Bapak-Ibuku uga wis kenal karo Mas Udin merga wiwit cilik dolan bareng karo Mas-ku. Aku karo Mas Udin uga raket banget, sering curhat, sering lunga bareng kaya wong pacaran nanging aku karo Mas Udin wis kaya kakang karo adhi.
Sawijining dina aku diajak Mas Udin jalan-jalan, jebul Mas Udin uga ngajak kancane, jenenge Bahtiar. Merga bocah telu, aku uga ngajak kancaku supaya genep bocah papat, nganggo motor loro. Wektu jalan-jalan kuwi aku dikenalake karo Bahtiar. Saka kenalan kuwi aku dadi kerep komunikasi karo Bahtiar. Bahtiar jaluk nomer hape-ku, aku lan Bahtiar uga kerep komunikasi lewat facebook. Seneng banget rasane duwe kanca anyar, bisa ngurangi rasa sedhihku gara-gara Santo. Wiwit iku aku ora tau kelingan marang Santo, Bahtiar bisa gawe aku lali marang Santo. Ing atiku lan atine Bahtiar thukul rasa tresna kang ora disadari. Sawijining dina aku ngomong marang Bahtiar yen aku arep menyang Yogya. Aku diajak ketemu karo Bahtiar ing Malioboro, merga Bahtiar uga kuliyah ing Yogya.
Esuk-esuk sadurunge mangkat menyang Yogya, Bahtiar SMS aku, takon kapan tekaku. Tak kira ajakane Bahtiar mung guyon, jebul temenan Bahtiar arep ketemu karo aku ing Yogya. Atiku ngrasa bungah, merga wis suwe aku ora ketemu Bahtiar.
Tekan Yogya aku SMS Bahtiar, jarene arep ketemu aku sawise aku ngrampungi urusanku, wetara bubar maghrib. Sawise tekan maghrib, aku nuruti janjiku kanggo ketemu Bahtiar ing Malioboro. Aku ngobrol karo Bahtiar ing pinggir dalan kang rame banget, kiwa tengen akeh wong dagang jarit, panganan lan liya-liyane kang dadi khas Yogya. Ora suwe anggone ngobrol. Bahtiar ngajak aku mangan bareng ing lesehan.
“Wati,  ayo mangan sek neng lesehan kae lho ben ngobrole tambah penak”
“Owalah, iki wis arep jam pitu, sedhelok maneh rombonganku kumpul arep balik menyang Semarang, kapan-kapan wae ya”
“Lha wong kae rombonganmu esih akeh sing belanja ngono kok, ayo lah, jalan-jalan sek karo aku. Mengko dakanter menyang tempat parkir bis rombonganmu nganggo motorku”
“Sepurane, aku kudu kumpul saiki. Kae kancaku wis mrene arep ngajak menyang parkiran”
“Halah yawis, kana. Ati-ati ya, suwun lho wis kersa ketemu karo aku ing Yogya”
“Iya, padha-padha ya. Muga-muga mengko bisa ketemu maneh”
“Iya”
Aku banjur ninggalake Bahtiar, mlaku menyang parkiran mobil bis. Ora suwe sawise aku teka, bis-e jalan. Atiku ngrasa ora penak marang Bahtiar merga wis nolak ajakane. Sakjane ya aku pengin nampa, nanging aku wedi ketinggalan bis.

Telung dina sawise aku ketemu karo Bahtiar ing Yogya. Wetara bar isya Bahtiar nelpon aku, aku heran merga ora kaya biasane. Telpon dakangkat, Bahtiar takon kabar lan mbahas patemon wingi ing Yogya. Jarene Bahtiar arep jaluk aku dadi pacare, nanging ora ana kesempatan kanggo ngomong, akhire ing telpon Bahtiar ngomong, jaluk aku dadi pacare. Atiku dag dig dug nalika Bahtiar ngomong mengkono, aku bingung arep jawab apa. Ing atiku esih ana Santo, nanging aku uga nduweni ati kanggo Bahtiar. Aku kepengen banget nglalekna Santo supaya uripku tenang, ora kepikiran saben dina. Yawis, akhire aku nrima ajakane Bahtiar. Aku lan Bahtiar duwe sesambungan kang raket.

Sawise dadi pacar, aku lan Bahtiar kerep banget SMS-an lan telpun. Wiwit tangi turu nganti arep turu maneh ora ana lirene anggone SMA-an utawa telpunan. Ing ati kaya seneng banget, aku nganti percaya yen aku bakal karo Bahtiar selawase, tresnaku saya ngrembaka, aku uga saya lali karo Santo. Nanging kabeh kuwi ora suwe. Aku digawe kuwalahan dening Bahtiar mung seminggu. Sawise iku Bahtiar angel banget anggone komunikasi. Aku ngirm SMS akeh ora tau dibales, akhire aku coba ngirim pesen lewat facebook. Bahtiar mbales pesenku ing facebook, atiku ngrasa bungah merga ana kabar saka Bahtiar. Aku takon alesane Bahtiar ora tau mbales SMS-ku maneh, jarene ora duwe pulsa. Merga aku ora pengen mbebani Bahtiar, aku percaya karo Bahtiar. Nanging saya suwe sesambunganku karo Bahtiar, Bahtiar tetep ora tau ngabari aku. Akhire aku takon maneh alesane ora tau ngabari merga aku kuwatir mbokmenawa Bahtiar ana apa-apa. Nanging Bahtiar jawabe mung nyante, jare ora ana apa-apa, jarene Bahtiar ora pengen ngganggu aku, supaya aku bisa kuliyah sing bener. Pancen becik niate Bahtiar sing kaya mengkono, nanging atiku krasa lara. Kanggo apa Bahtiar gawe sesambungan karo aku yen bakal ngomong kaya mengkono, mung ing arepe wae apik-apik, saya suwe saya gawe larane ati, gawe pikiran nduga sing ora-ora. Wiwit kuwi aku curiga yen Bahtiar nduweni tresna marang wong liya, nanging aku coba percaya karo Bahtiar. Aku mutusake yen aku ora ngabari Bahtiar, ben sakarepe Bahtiar.

Ora let saben dina aku mikiri Bahtiar, sebenere apa sing dikarepake dening dheweke. Aku kudu piye, di-SMS ya ora tau mbales, ing facebook uga jarang aktip. Ing kahanan kang kaya mengkono, ujug-ujug Santo nelpun aku, menehi kabar. Aku kang lagi bingung ya ngladeni Santo. Aku dadi sering komunikasi maneh karo Santo, malah Santo ngajak balik maneh sesambungan karo aku merga dheweke wis putus karo pacare, nanging aku ora gelem, aku wis duwe Bahtiar. Tolakanku ora mempan marang Santo, Santo tetep wae kepengen gawe sesambungan maneh karo aku senajan dadi sing nomer loro. Nanging atiku tetep ora gelem, aku kepengen setiya karo Bahtiar senajan aku ora ngerti kepriye kabare Bahtiar.

Suwe banget anggone aku sabar nuruti polahe Bahtiar, nanging aku wis ora sabar. Sawijining dina, aku ngerjani Bahtiar, ngaku dadi wong wedhok liya kang ora dikenal Bahtiar lewat SMS nganggo nomer anyar. Aku coba jaluk kenalan karo Bahtiar, bales-balesan SMS, takon-takon marang Bahtiar babagan pacare, nanging atiku kaget kaya kesamber bledheg nalikane Bahtiar ngaku yen dheweke ora duwe pacar. Lha terus sasuwene iki aku dianggep apa?
Sawise aku ngerti yen Bahtiar mengkono kelakuwane, aku langsung SMS marang Bahtiar nganggo nomer kang biasa tak-nggo SMS marang Bahtiar, aku jaluk medhotake sesambunganku karo Bahtiar sawise aku ngomong akeh babagan kelakuwane Bahtiar. Nanging aku ora nyangka yen Bahtiar gampang banget ngeculke aku, tanpa ana rasa sedhih. Atiku nangis, aku dolan marang Mbak Lulu cerita masalahku.
“Kowe kena apa kok nangis?” Mbak Lulu ndhikep aku karo takon
“Aku wis dilelara Bahtiar Mbak”
“Lho kok bisa?”
“Iya mbak, jebul Bahtiar gampang banget seneng karo wong liya”
“Ya Alloh ndhuk, sabar ya. Mengko ya mesthi ana sing luwih becik”
“Iya Mbak”

Bubar iku aku ngabari Santo babagan Bahtiar, nanging ora ana maksud kanggo mbujuk Santo supaya balik maneh karo aku. Esuke Santo menyang omahku, takon perkara sing tak omongake. Aku cerita kabeh karo Santo, tanpa duweni rasa ewoh merga aku butuh wong kang bisa nenangna aku. Sawise krungu ceritaku, Santo malah ngajoke yen dheweke arep maju gawe sesambungan maneh karo aku. Aku kang atine lagi ora karuwan ora bisa jawab langsung, aku jaluk wektu kanggo mikirake ajakane Santo.

Pirang-pirang dina aku mikirake ajakane Santo, aku wedi yen aku bakal dilelara maneh, nanging tresnaku uga esih ana kanggo Santo. Akhire aku nrima ajakane Santo, gawe sesambungan maneh karo Santo, janji bakal setiya selawase. Aku coba nglalekake Bahtiar kanggo Santo.

Paribasan

Paribasan

Paribasan yaiku ukara/unen-unen sing tegese wantah dudu pe-pindhan.
Tuladha:
1.       Adhang-adhang tetese embun (njagakake barang mung saoleh-olehe)
2.       Adigang, adigung, adiguna (ngandelake kekuwatane, kepinterane, lan kesugihane)
3.       Anak polah bapa kepradah (tingkah polahe anak dadi tanggungane wong tuwa)
4.       Asu gedhe menang kerahe (wong kang dhuwur pangkate, mesthi wae luwih gedhe)
5.       Baladewa ilang gapite (ilang kakuwatane/kaluhurane)
6.       Bathang lelaku (lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani)
7.       Bebek mungsuh mliwis (wong pinter mungsuh padha wong pinter)
8.       Becik ketilik ala ketara (becik lan ala bakal ketara ing tembe burine)
9.       Carang canthel (ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug)
10.   Cedhak kebo gupak (cedhak karo wong ala bakal katut ala)
11.   Desa mawa cara, negara mawa tata (saben panggonan duwe cara utawa adat dhewe-dhewe)
12.   Dom sumuruping banyu (laku sesidheman kanggo meruhi wewadi)
13.   Eman-eman ora keduman (karepe eman malah ora keduman)
14.   Enggon welut didoli udet (panggone wong pinter dipameri kepinteran sing ora sepirowa)


Sumber: Pepak Basa Jawa Lengkap

Upacara Selapanan

Upacara Selapanan

       Selapanan bayi dianakake 35 dina saka laire si bayi. Ana ing pasaran Jawa, dina pasaran cacahe ana 5. Umpama bayi lair ing dina Selasa Legi, selapanan bayi mengko bakale tiba ing Selasa Legi. Selapanan bayi minangka salah sawijining pengetan kanggo pratandha puji syukur laire anak. Ana ing wilayah Jawa khususe, sadurunge selapanan biyasane ana adat liyane. Krayan kang isine adat ngenalake si bayi marang tangga teparo lan uga ana adat sepasar kang ateges 5 dina saka laire bayi biyasane dadi pratandha puputan. Ana ing acara selapanan, si bayi kang wis umur 35 dina mau bakal di aqiqah. Aqiqah iki ana gegayutane karo ajaran agama Islam. Sabanjure kuwi ana tradisi potong rambut. Jaman saiki potong rambut mung dipotong sithik. Beda dene jaman biyen, tradisi potong rambut yaiku digundul. Ananging, meski wis rada arang, isih ana kang nglakoni tradisi motong rambut nganti gundul. Tradisi selapanan ditekani para sedulur lan tangga teparo. Tradisi selapanan saliyane potong rambut lan aqiqah (potong kambing) iya nglakoni kondangan kang ngundang para tangga teparo. Ing kondangan mau, uga diselingi berjanjen utawa sholawatan. Berjanjen kuwi dianakake ing tradisine wong kang nganut agama Islam. Nalika selapanan kuwi, simboke dipijeti dening dukun bayi. Pijet mau kanthi aran walik dadah. Walik dadah kuwi duweni karep supaya panggonan bayi bisa mbalik ing posisine. Dene bayine diadusi karo banyu kupat. Banyu kang dianggo nggodhog kupat disisakake kira-kira sasiwur kanggo ngadusi si bayi. Tradisi selapanan ing tlatah Pati khususe Tayu, panci wajib ana kupat lepet.

Sumber: http://www.sinaujawa.com/2015/07/adat-selapanan-bayi.html

Wangsalan

Wangsalan
Wangsalan yaiku rumpakan sing saemper cangkriman, nanging tebusane utawa ancase wis dikandhakake pisan.
Tuladha:
  1. Nganur gunung, kadingaren dolan mrene. (janur gunung: aren)
  2. Ngorok cendhak, bocah cilik ora kena neges-neges. (rokok cendhak: tegesan)
  3. Njenang gulo lho, aja lali: (jenang gula: glali)
  4. Nggodhong garing, esuk-esuk kok wis nglaras. (godhong garing: klaras)
  5. Balung klapa, ethok-ethok ngerti. (balung klapa: bathok)
  6. Balung geni, mbok menawa aku ora bisa teka. (balung geni: mawa)
  7. Balung janur, mugi paring usada?. (balung janur: sada)
  8. Balung pangkel, aja seneng alok-alok! (balung pakel: pelok)
  9. Balung jagung, punika sampun dados tanggel jawab kula. (balung jagung: janggel)
  10. Nyaron bumbung, nganti cengklungan olehku ngenteni. (saron bumbung: angklung)
  11. Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir. (jangan gori: gudheg)
  12. Kendhil dawa, enggal ditandhangi. (kendhil dawa: dandhang)
sSumber: Pepak Basa Jawa Lengkap

Tedhak Siti

 TEDHAK SITEN

Tedhak siten iku salah satunggaling upacara adat jawa kagem bocah umuripun 7 selapan utawa 245 dinten, nalika bocah iku wau nembe pisanan ajar mlaku. Selapan yaiku kombinasi 7 dinten ing kalender internasional lan 5 dinten ing kalender Jawa. Selapan iku pendhak 35 dinten pisan. Tedak siten asalipun saking rong tembung, ingkang sepindhah inggih punika "tedhak” utawi idhak, tegese mudhun lan“siten" saking tembung siti kang tegese bumi. Dadi Tedhak siten ndueni arti ngidhakake sikil ing lemah/pertiwi. Tedhak Siten ngambarakekasiapan bocah kanggo nglakokake kauripan ingkang bener ing mangsa ngarep. Upacara tedhak siten inggih nduweni teges cedakke manungsa kaliyan bumi. Awit nglakokake kauripan ingkang apik lan becik ing bumi punika lan tetep ngruwat lan njaga bumi. Punika kangge ngelingaken menawi bumi sampun maringaken kathah barang ingkang dipunbutuhaken kangge urip manungsa. Ing budaya jawa ana kapitayan masyarakat ngenani bab tedhak siten yaiku yen lemah iku ndueni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala, kanggo ngindari kadadeyan sing ora becik mula dianakake upacara tedhak siten.

Kaya dene upacara adat liyane tedhak siten ugi nggadahi piranti lan ubarampe, yaiku :
1.      Pengaron sing diisi kembang setaman
2.      Kurungan, kanggo nggambarake yen donyane anak isih sithik utawa ciut
3.      Werna-werna barang sing diselehake sajroning kurungan kang nggambarake suwene urip lan kawajibane manungsa nggolek nafkah, kayata:
a)      Pari sabengket
b)      Kapuk sabengket
c)      Piranti nulis
d)     Bokor kang diisi beras kuning
e)      Werna-werna jinis dhuwit
f)       Perhiasan
4.      Klasa sing isih anyar, kanggo lemek ning jeroning kurungan
5.      Udik-udik utawi duit logam dipuncampur kembang
6.      Tangga tebu "arjuna", yaiku tebu sing wernane ungu kang nggambarake undhak-undhakane urip sing arep dilakoni anak
7.      Jadah pitung werna, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Tegese kanggo ngemutake anak yen urip kudu waspada saka godaan werna-werna
8.      Bancakan, kayata sega gudhangan sing dibagekake marang para tamu sing teka

Tata Caranipun upacara tedhak siten, yaiku :
                      Ingkang kapisan, bocah dituntun ibune mlaku maju lan ngidhak jadah 7 werna ingkang kagawe saking ketan. Werna wernane yaiku : abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Jadah ditata saka warna sing padhang nganti warna sing peteng. Punika perlambang , bocah saged ngliwati tantangan ing uripipun. Lan urip iku ora gampang nanging kabĂ©h alangan sing dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan. Ingkang kaping pindho, bocah dituntun munggah taangga ingkang kagawe saking wit tebu “arjuna” lajeng mudhun maneh. Tebu saking ukara “antebing kalbu” inggih tegesipun yaiku tekad ati ingkang mantep. Tebu “arjuna” nglambangaken supados bocah saged lelakon kaya Arjuna, ingkang nduweni watak satria lan nduweni tanggung jawab. Lelakonipun apik lan seneng tetulung , mbela kabeneran , lan bakti kaliyan Negara. Kaping telu yaiku bocah dituntun kangge mlaku ing pasir. Bocah punika nyeker-nyeker pasir, ingkang nduweni tegese nggolek pangan. Karepe bocah saged nyukupi kaperluanne dhewe menawi sampun gedhe.

        Ingkang kaping papat, bocah dipunlebetaken dhateng kurungan ingkang digawe apik lan dilambari klasa, ing njerone wonten akeh bandha-bandha kaya pari sabengket, kapuk sabengket, Piranti nulis, bokor kang diisi beras kuning, werna-werna jinis dhuwit, lan sk jinising perhiasan. Kurungan nglambangaken donya , dadi dikarepke bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe saged kacukupan awit saking pakaryane ingkang sampun dipilih saking cilik. Ingkang kaping lima, bapak lan simbah bocah nyebar udik-udik utawi duit logam dipuncampur kembang. Karepe supaya si bocah nalika dewasa saged dadi bocah ingkang dermawan lan seneng tetulung. Amarga seneng menehi lan seneng tetulung, dheweke gampang nggolek rejeki. Ingkang kaping enem yaiku bocah wau diadusi ngangge banyu setaman ingkang sampun dicampur kembang-kembang (melathi, mawar, kenanga lan kanthil). Kapitu, ing pungkasan upacara, bocah didandani ngangem klambi resik lan apik. Karepe supaya si bocah nduweni dalan urip ingkang apik lan saged agawe seneng kaluwargane. Punika karepe ing uripipun, bocah punika saged arum jenenge lan saged ngarumaken jeneng kaluwargane.

Dene ancase tedhak siten, atur puji sukur marang gusti Allah, dene wis paring kekuatan sarta keslametan nganti bisa ngidak bumi lan saged urip mandiri. Lan bibar punika , para tamu saged ndhahar panganan ingkang wonten.

Sumber: http://banyakhalbaru.blogspot.co.id/2014/11/tugas-bahasa-jawa-upacara-adat-jawa.html

Aran Slametan/Upacara

Slametan/upacara
  1. Berjanje: maca puji-pujian ngenani riwayate Kanjeng Nabi Muhammad
  2. Boyongan: ngalih omah
  3. Brokohan: slametan tumrap bayi kang mentas lair
  4. Kirab: metu bareng arak-arakan
  5. Mantu: duwe gawe omah-omahake anak
  6. Megengan: wiwitane sasi pasa
  7. Mitoni: slametan nalikane meteng pitung sasi
  8. Muludan: slametan ing dina wiyose Kanjeng Nabi Muhammad
  9. Nyadran: ndongakake wong sing wis seda ana ing makam
  10. Nyekar: ngopeni kuburan lan ndongakake kulawarga sing wis seda
  11. Nyelapani: slametan nalikane bayi umur selapanan (35 dina)
  12. Nyepasari: slametan nalika bayi umur sepasar (5 dina)
  13. Puputan: slametan nalika puser bayi wis pedhot
  14. Tetakan: sunatan
  15. Tedhak siti: slametan nalikane bocah cilik wiwit diudhunake ing lemah
  16. Udhun-udhunan: slametan ngarepake bakda (lebaran).


Sumber: Pepak Basa Jawa Lengkap