Minggu, 17 Januari 2016

Serat

Serat Wedhatama Pupuh Pangkur

Sejatine kang mangkana 
Wus kakenan nugrahaning Hyang Widhi
Bali alaming asuwung
Tan karem karameyan
Ingkang sipat wisesa-winisesa wus
Milih mula-mulanira
Mulane wong anom sami

Sabtu, 16 Januari 2016

Calon Arang

Calon Arang

     Wonten satunggaling pandhita ingkang asma Empu Baradah, gadhah lare estri ingkang nama Wedawati. Rikala umur 11 taun dipuntilar seda biyungipun. Sang Bharadah krama malih, gadhah lare jaler. Wedowati boten kerasan ndherek biyungipun kuwalon. piyambakipun kesah dhateng pasarean biyungipun. Dipunajak wnagsul dening ra,anipun tetep boten purun, malah taksih tetep milih wonten pasarean biyungipun kemawon. Prakawis punika adamel susahing penggalih Bharadah. Kangge angawekani prakawis punika, wonten pasarean wau dipundegi griya, kangge Wedawati kaliyan Bharadah sabrayat. Rikala samanten ingkang dados ratu ing Kedhiri inggaih punika Raden Airlangga.
       Ing dhusun Girah wonten satunggaling randhu ingkang gadhah lare estri lan sulistya ing warni. Lare ayu wau kaparing asma Rara Manggali. Sang Rara sampun diwasa, nanging dereng wonten ingkang anggarwa, malah saged kawastanan prawan kasep. Sedaya punika amargi saking pokaipun ingkang biyung inggih punika remenipun nyanthet sasamaning agesang. Amargu dados prawan kasep, pramila manahipun Mbon Randha sakit lan rumaso dipunece dening tiyang-tiyang ing nagari punika. Amargi rumaos dipunece, pramila lajeng pasang teluh utawi santhet. tiyang nagari sakit sakit sedaya lan kathah ingkang tiwas (pejah). Sang Prabu Airlangga nimbali para nujum ingkang sekti mandraguna, kadhawuhan niti priksa kawontenan nagari punika.
     Amargi pageblug ingkang andadosaken tiyang pejah,ing nagari punika santer sanget. Para nujum kala wau matur bilih sedaya menika pokalipun saking Mbok Randha Girah. Nanging sedaya kala wau cabar bubar lan sami tiwas utawi pejah. Sesakit pageblug sansaya mrindingaken manah, kathah ingkang sami pejah. kangge ngawekani prakawis punika,  pramila Sang Prabu lajeng nimbali Empu Baradah kangge nyirnakaken Mbok Randha Calon Arang kasebat. 
       Kacariyos, Empu Baradah kagungan siswa ingkang nama Bahula. Bahula kala wau dipundhawuhi nglamar anakipun Mbok Randha Garah utawi Calon Arang ingkang asesilih Ratna Manggali. Panglamaring Bahula dipuntampi dening Mbok Randha Calon Arang. Estunipun Bahula siyos palakrama kaliyan Ratna Manggali, gesang lestantun. Salebetipun ndherek mara aepuh (Calon Arang), Bahula saged nyidra kitabipun Mbok Randha ingkang isinipun pinten-pinten japa mantra, kalebet ilmu kangge panulaking teluh utawi santhet. Kitab lajeng kaaturaken dhateng Empu Bharadah.
        Empu Bharadah sasampunipun nampi kitab saking Bahula, lajeng tindhak dhateng Mbok Randha lan ngemutaken pandamelan Mbok Randha Calon Arang ingkang tansah adamel sisahing sesamining agesang. Mbok Randha duka sanget lan saged diperjaya dening Empu Bharadah. Wusana Mbok Randha Girah utawi Calon Arang nemahi seda. Sasedane Calon Arang, sesakit ing nagari kala wau sanalika sirep lan ical babar pisan.

Sumber: Marsudi ing Basa lan Sastra Jawa

Kosakata

Kosakata Ngoko-Krama-Krama Inggil


Ngoko
Krama
Krama Inggil
Abang
Abrit
Abrit
Abot
Awrat
Awrat
Adeg
Ngadeg
Jumeneng
Adhem
Asrep
Asrep
Adhi
Adhi
Rayi
Adoh
Tebih
Tebih
Adol
Sade
Sade
Adus
Adus
Siram
Agama
Agami
Agami
Aja
Ampun
Ampun
Aji
Aos
Aos
Maju
Majeng
Majeng
Akeh
Kathah
Kathah
Ngongkon
Ngengken
Dhawuh
Aku
Dhawuh
Utus
Ala
Awon
Awon
Alas
Wana
Pambengan
Buri
Wingking
Pangkeran
Beras
Uwos
Uwos
Bengi
Dalu
Dalu
Bener
Leres
Kasinggihan
Bareng
Sareng
Sareng
Becik
Sae
Sae
Butuh
Betah
Kersa
Cangkem
Cangkem
Tutuk
Carita
Cariyos
Cariyos
Omongan
Wicanten
Ngendika
cawis
Cawis
Caos
Dhuwur
Inggil
Inggil
Dhewe
Piyambak
Piyambak
Endhas
Sirah
Mustaka
Enak
Eca
Eca
Entek
Telas
Telas 
Ganti
Gantos
Gantos
Garing
Aking
Aking
Gawa
Bekta
Asta
Idep
Idep
Ibing
Ijo
Ijem
Ijem
Iwak
Ulam
Ulam
Jupuk
Pendhet
Pundhut

Rabu, 13 Januari 2016

Pacelathon

Pacelathon Murid marang Gurune:

Pambudi              : “Pak, kula badhe matur pareng?”
Pak Guru             : “Arep matur apa?”
Pambudi              : “Benjing nyuwun ijin boten ndherek ektra karawitan”
Pak Guru             : “Lho, ana apa, sesuk sing nabuh saron sapa. Ana apa ta Pam?”
Pambudi            : “Inggih Pak, benjing dipundhawuhi ndherek Ibu sowan Eyang dhateng Balapulang”
Pak Guru             : “Lho, geneya eyangmu?”
Pambudi              : “Eyang saweg gerah Pak, ngekangipun kangen kalian kula”
Pak Guru             : “Oh... iya dakijinake, muga-muga eyangmu cepet dhangan”

Pambudi              : “Inggih Pak Guru, maturnuwun”.

Gugup dadi kesel

GUGUP DADI KESEL

                Rikala dinten Jumat wingi kula nemahi kadadosan ingkang boten sekeca amargi ndadosaken lingsem. Kadadosanipun mekaten:
                Dalu Jumat kula tumut lek-lekan setahun sedanipun embah wonten dalemipun embah. Kula melek ngantos jam 12.00-an dalu. Dugi griya jam 12.30-an, langsung kemawon tilem, angler ngantos enjang.
                Enjangipun... tangi kula kesiangan. Rikala menika jam sampun nedahaken tabuh 06.15. kula kaget! Sumelang, enggal-enggal mencolot nyaut andhuk, byar-byur, adus bebek. Kula wastani adus bebek amargi anggenipun adus enggal-enggal, tanpa kosokan. bibar adus ngangge seragam ugi sepatu. sedaya katindhakaken kanthi kasesa.
                Kula mangkat gugup sanget. Geas-geos, geas-geos sepedha kula genjot kanthi ngebut, angkah kula supados boten ngantos kesiangan. Alhamdulillah saged dugi sekolahan kanthi slamet, boten kesiangan sanadyan ta mepet bel.
                Sepedha kula parkir, rikala menika kula mireng wara-wara lumantar speker, para siswa kapurih ngantos ngangge seragam olahraga lajeng kempal, baris wonten ing lapangan , jalan santai badhe enggal dipun wiwiti. Mireng mekaten kula kaget, Astaghfirullahal’adzim... kula kok blas boten kelingan. Saking kasesanipun ngantos kesupen boten ngangge utawi bekta kaos olahraga kamangka dinten Kemis Pak Guru olahraga sampun wara-wara bilih ngenjang Jumat para siswa kedhah ngangge utawa bekta kaos olahraga amargi badhe wonten acara jalan santai.
                Wah, kados pundi menika, kula boten ngangge kaos olahraga, mesthi bakal angsal paukuman. Gandheng sampun kadhung dugi sekolah pramila inggih kula tumut kempal keawon wonten lapangan sareng kalih kanca-kanca sakelas. Kula ndonga mugi-mugi boten konangan Pak Guru lan Bu Guru. Kanca-kanca sami taken, “Bisane kowen ora nganggo kaos olahraga sih?”, kula wangsuli, “Klalen”.
                Kanca kula taken malih, “Kan wis diumumna, ora krungu?”
                “Krungu, aku klalen mau gugup nemen”. Mekaten wangsulan kula. Saweg gineman mekaten, adhuh wontwn Pak Guru badhe mriki, blaik bakal konangan aku. Nembe kemawong kula badhe pindhah panggenan, jebul saking wingking wonten ingkang nyepeng pundhak, kula minguk, ya Allah, Pak Guru Olahraga.
                “Kenapa tidak pakai kaos olahraga?”
                “Lupa Pak, maaf”
                “Lho! Kemarin kan sudah diumumkan, kemarin masuk tidak?”
                “Iya Pak, masuk”. Kula tumungkul kemawon amargi ajrih. Kringet medal gumrobyos.
                Pak Guru duka, kula dipundhawuhi resik-resik kelas, ruwang guru ugi ruwang perpustakaan. Anggenipun resik-resik ngantos para siswa ingkang jalan santai dugi sekolahan malih.

                Wonten nglebet manah kula janji, badhe tertib, boten badhe kados mekaten malih, sampun kesel ketambahan isin.

Sumber: Asah Basa Basa Jawa

Carita

SRIKANDI BOCAH MBANGUN TURUT

                Durgandhini lan Srikandi kanca lungguh bareng semeja, nunggal kelas ing sawijining SMP kang ana ing kutha Tegal. Bocah loro kuwi padha ayune, nanging wateke beda banget kaya bumi lan langit.
                Ana Sekolahan, Durgandhini kancane sathithik malah kepara ora duwe kanca. Kuwi amargi Durgandhini bocahe ora resikan utawa jorok. Yen memangan wungkuse dibuwang ana sembarang panggonan, sok sok dibuwang ana ing laci meja. Menawa rembugan, pedhes tembunge uga kasar tembunge. Rumangsa anake wong sugih Durgandhini gedhe endhase.
                Beda kari Srikandi kang akeh kancane lan disenengi para guru. Srikandi ana sekolahan katelah murid sing landhep pikire, manis rembuge, padhang ulate, seneng tetulung lan ora nggegem tangan.
                Ana ngomah Srikandi bocah sing mbangun turut marang wong tuwa. Saben dina tangi esuk, adus, sholat, banjur ngrewangi wong tuwa resik-resik omah. Peturon diresiki, sprei lan bantal ditatani maneh, kemule dilempit. Meja lan kursi dikeludi utawa dilap. Jogane disapu resik. Mengkono uga yen ana piranti pawon, kayata piring, gelas, utawa sendhok sing reged, cepet-cepet diisahi, dideleh ing panggonane, dadi kabeh tumata rapi.
                Srikandi uga bocah sing duwe kasenengan nenandur. Pekarangan ngarep omah sanadyan ciyut dening Srikandi ditanduri maneka wit kembang. Kabeh ditata kanthi rapi miturut jenis lan warnane, dadi ora asal nandur. Uga ana pot-pot cilik tanduran kembang ding dideleh ana teras omah.
                Dene pekarangan buri omah ditanduri wit-wit obat keluwarga, kayata kunir, jae, laos, lan liya-liyane ngiras kanggo bumbon. Saben esuk lan sore yen ora udan, Srikandhi nyirami tandurane. Godhong-godhong garing kang tumiba dikumpulake, diobong, mengkono uga suket-suket kang ndadekake rungkut dibubuti, bar kuwi disapu nganthi resik. Mula senadyan cilik lan prasaja omahe Srikandi mbetahi lan nyenengake amarga resik lan eyup. Kahanan kuwi ndadekake wong-wong sing manggoni rumangsa padhang jagade, padahang langite, uga padhang pikire.

                Srikandhi sregep banget anggone njaga karesikan lan kaendahan lingkungan omahe, amarga Srikandi ngerti yen omahe reged, jorok bisa dadi omahe lemut lan nekakake lelara. 

Sumber: Asah Basa Bahasa Jawa

Sabtu, 09 Januari 2016

Asal-usul Wayang


                                                      Asal-usul Wayang

Miturut para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi sing ana ing Indonesia, kesenian budaya wayang kuwi saktemene bentuk asline wis ono biyen-biyen, rikolo isih jaman kuna, yaiku jaman sakdurunge ana agama Hindu Budha. Ing jaman semana sing diarani budaya wayang wis diduweni karo dening bangsa Indonesia dewe. Dadi wayang kuwi iya kabudayan asline bangsa. Wektu kuwi, budaya wayang isih cedak hubungane karo muja-mujine kapercayan animisme sing isih pada dianut para leluhuring bangsa Indonesia. Miturut kapercayan Animisme roh nenek moyang utawa leluhur bisa dienggo nyenyuwun petunjuk bantuan kanggo kamulyan uga biso disuwuni kanggo pengayom kasusahaning lan kacilakane menungsa. Kosok baline ruh kuwi mau iya uga dipercaya sing bisa ndadekake gangguan utawa kacilakane menungsa. Mula rikala semana, yen ana karep kanggo nyenyuwun bantuane roh para leluhur, banjur dianakna kaya dening upacara ritual selametan, sing jarene bisa ngundang, nimbali para rohing leluhur sing wis pada seda kanggo disuwuni keselametan lan kamulyane menungsa. Upacara ritual mau dianakna dibarengi nganggo cara gawe pagelaran wayang. Kira-kira awalane tahun masehi, kaya sing dicritakake karo dening para ahli sejarah mau, bangsa Hindu sing asale soko jazirah India akeh pada teka dadi ”imigran” menyang Indonesia. Bareng suwening-suwe, gelem ora gelem dadekake pengaruh kabudayan Hindu-Budha iki akhire iya bisa diterima karo dening penduduk asline Indonesia. Ing sakjroning jaman kuwi, basa Sansekerta wis dienggo karo kalangan bangsawan sing sakteruse banjur mempengaruhi basa asli Jawa lan Bali. Ing kene kesenian wayang karo bangsa Hindu dienggo wadah ngembangake lan wedharake budaya agama Hindu lewat crita Mahabharata utawa Ramayana. Suwe-suwe kahanan kaya mangkono kuwi sing sakbanjure ndadekake campur lan manunggale budaya asli bangsa Indonesia karo budaya Hindu. Kesenian wayang sing budayane wis campur manunggal iki mau sing sakteruse dadi sinebab agama hindu cepet nyebar, ngresep lan diterima ing masyarakat Indonesia. Mulane ing jroning crita wayang iku akeh pranatane budaya agama Hindu.Miturut kitab Sastra Centhini kasebutake mula bukane kesenian  wayang purwo kuwi cinipta karo dening Raja Jayabaya soko Kerajaan Kediri.  Kira-kira abad 10 Prabu Jayabaya hanyipta gawe gegambarane roh leluhure sing terus ditulisake ing godong lontar. Gegambaran sing kaya mangkono mau akeh sing ditiru soko gambarane ”relief” crita Ramayana, sing wis tinulis ing candi penataran Blitar. Prabu Jayabaya ing kana mau banget katertarikane marang isine Crita Ramayana mergo dewekne kuwi termasuk raja sing meyembah dewa Wishnu, sing uga nganti sakprene karo masyarakat isih dipercaya Prabu Jayabaya dianggep panjelmaane lan titisane Betara Wishnu. Ing jaman sakwise, yaiku jaman Jenggala kesenian wayang purwa kuwi disampurnakake wujude karo dening Raja Jenggala Raden Panji Rawisrengga sing bergelar Sri Suryawisesa.  Sakteruse dadi apik lan indahe. Kocap cinarita terus wayang-wayang sing wis kawujud mau banjur diklumpukake lan disimpen ing jeroning peti ”khusus” sing ”nyeni” indah. Bebarengan karo kuwi uga diciptakake pakem crita wayang purwa sing pagelarane dianakake setiap ana upacara-upacara penting ing istana kerajaan lan uga didalangi dewe karo Sri Suryawisesa. Rikala jaman Majapahit gegambarane kesenian wayang kuwi saya luwih disampurnaake lan dadi tambah apike, amarga wis ditambah bagian kana-kene sing disik-disikane dadi kekurangane, terus digulung dadi siji. Wayang sing wujude gulungan kuwi, yen dienggo pagelaran gulungane dibeber. Mulo kuwi jenis wayang sing mangkene terus diwenehi jeneng Wayang Beber. Wiwit ono panemune wayang beber iki kesenian wayang banjur diwedharake ngrambah metu soko lingkungane keraton. Lan wiwit kuwi uga masyarakat saknjabane keraton bisa melu ndeleng keindahane pagelaran kesenian wayang beber. Sakbanjure nyedaki pungkasaning jaman Majapahit, pengaruh Agama Islam wis wiwit ngrambyah lan kawedhar ing tanah Jawa. Karo dening para wali lan sunan Kesenian wayang kuwi uga dienggo ”media effektif” medharake ajaran agama Islam. Kahanan kaya mangkono kuwi uga sing dadekake kesenian wayang akeh perubahan wujud sing cukup ”signifikan”, kanggo ngilangake gegambarane manungsa sing ing Agama Islam kuwi diharamake lan uga kanggo ngilangake gegambaran sing mujudake pengaruh agama Hindu. Ing jaman kuwi, wujude wayang di owah, digawe soko kulit lan balung sing wujude mung kaya simbol-simbol supaya gegambarane menungsa dadi samar, sakteruse  nganti sakprene wujude wayang mung kaya lan dadi  arupa simbol-simbol wewayangan panguripane menungsa. Dikarang Nang