Sabtu, 02 Januari 2016

Asal-usul Aksara Jawa

Asal-usul Aksara Jawa

Adhedhasar konsepsi ing tradisional laire aksara Jawa digathukake karo Legenda Aji Saka, cerita turun temurun awujud tutur tinular (dari mulut ke mulut) bab padudon lan perang tandhinge Dora lan Sembada jalaran rebutan keris pusakane Aji Saka sing kudune tansah padha direksa bebarengan ing pulo Majeti.
Wusana Dora lan Sembada mati sampyuh ngeres-eresi. nalika arep angejawa, Aji Saka kang didherekake para abdine sing jenenge Dora, Sembada, Duga, lan Prayoga lerem ing pulo Majeti sawatara suwene. Sadurunge nerusake laku angejawa, Aji Saka ninggal pusaka awujud keris. Dora lan Sembada kapatah ngreksa kanthi piweling wanti-w. Dora ngajak nti, aja pisan-pisan diwenehake wong saliyane Aji Saka dhewe sing teka ing pulo Majetinjupuk pusaka kasebut. Aji Saka banjur nerusake laku dikanthi Duga lan Prayoga. Dene Dora lan Sembada tetep ana pulo Majeti ngreksa pusaka. 
Sawatara lawase, Dora lan Sembada krungu kabar manawa Aji Saka wis dadi ratu ing Mendhang Kamulan. Dora ngajak Sambada ninggalake pulo Majeti ngaturake pusaka marang Aji Saka. Sarehne Sembada puguh ora gelem diajak awit nuhoni dhawuhe Aji Saka, kanthi sesidheman si Dora banjur menyang Medhangkamulan tanpa nggawa keris.
Marang Aji Saka si Dora atur Dora adul warna-warna. Dora kadhawuhan beli maneh menyang pulo Majeti. Gelem ora gelem Sembada kudu diajak menyang Medhangkamulan kanthi nggawa keris pusaka. Dora banjur budhal. Jalaran penggah ora percaya marang kandhane si Dora, Sembada pungguh ora gelem diajak jalaran nuhoni dhawuhe bendarane, lan percaya menawa Aji Saka bakal netepi janjine mundhut pusakane tanpa utusan.
Lelorone padha padudon rebut bener, banjur pancakara perang tandhing rebutan keris. Wasana Dora lan Sembada padha mati sempyuh ketaan keris sing dienggo rebutan. Sawise sawatara suwe Dora ora sowan maneh ngajak Sembada ngaturake keris pusaka, Aji Saka banjur utusan Duga lan Prayoga nusu menyang pulo Majeti.
Bareng tekan pulo Majeti saiba kagete Duga lan Prayoga meruhi Dora lan Sembada padha mati ketaman pusaka sing isih tumancep ing dhadhane. Sawise ngupakara layone Dora lan Sembada kanthi samesthine, Duga lan Prayoga banjur gegancangan marak ratu gustine ngatirake pusaka lan pawarta bab patine Dora lan Sembada. Midhanget ature Duga lan Prayoga, Aji Saka sakala ngrumangsani kalepyane dene ora netepi janji mundhut pribadi pusaka sing direksa Dora lan Sembada.
Minangka pangeling-eling, Aji Saka banjur ngripta aksara Jawa legena kang cacahe ana rong puluh wiwit HA nganti NGA. HA NA CA RA KA (Ana caraka/utusan), DA TA SA WA LA (P adha suwala/padudon), PA DHA JA YA NYA (Padha dene digdayane), MA GA BA THA NGA (Wusana padha dadi bathang).

Sumber : Pepak Basa Jawa Lengkap

Tidak ada komentar:

Posting Komentar