Minggu, 03 Januari 2016

Wara-wara

Wara-wara

Wara-wara nduweni teges aweh weru, ngumumake, lan kandha-kandha marang wong liya. Tujuane wara-wara yaiku menehi ngerti utawa weruh marang sapa wae ngenani sawijining bab. Dene syarat gawe wra-wara yaiku:
1.       Basa kang digunakake kudu nduweni teges wantah (jelas lan tegas)
2.       Tembung-tembung cekak aos
3.       Isine medharake sawijining bab kanthi jangkep supaya kang maca gamblang apa kang dikarepake
4.       Isine ngemu surasa pangajak, panyaruwe, larangan, lsp
5.       Bleger lan isine kudu bisa narik kawigaten sapa wae.
Tuladha:
Wara-wara wigati
Minangka tataran ajange maca lan nulis basa lan sastra Jawa, Panitia Peringatan Tanggap Warsa kaping 60 SMP Negeri 04 Kepanjen ngadani lomba ngarang geguritan. Dene syarat-syarate melu lomba kaya ing ngisor iki:
1.       Peserta lomba soswa SMP N 04 Kepanjen kelas VII-IX
2.       Naskah geguritan asli karyane dhewe
3.       Naskah geguritan durung tau dipacak ing koran utawa majalah
4.       Naskah dikirim menyang Panitia Lomba Ngarang lan Maca Geguritan Jawa SMP N 04 Kepanjen
5.       Naskah geguritan uga dikantheni data peserta (jeneng, tempat lan tanggal lair, alamat, telepon)
6.       Naskah ditunggu dening panitia paling keri tanggal 19 Agustus 2016.
Ayo rame-rame melu lomba! Kanggo ngisi wektu kosong ngiras pantes ngukur kabisan ing babagan susastra Jawa.
                                                                                Panitia Ngarang lan Maca Geguritan Jawa

Sumber: Pepak Basa Jawa Lengkap

Tidak ada komentar:

Posting Komentar