Minggu, 03 Januari 2016

Cerkak

Tresna

Nangis. Ya, iku wis kebiasaane saben dina. Trenyuh ati iki nalikane eling karo jejaka kang wis ninggalake aku kanggo wadon liya. Pancen ora duwe perasaan kok, tresnaku sing tulus malah ditinggalake mung kanggo wadon sing luwih ayu kang durung dingerteni tresnane. Prastawa kuwi wis lawas, nanging kebayang terus ing pikiran, gawe nyeseke ati. Aku wis coba kanggo nglalekake nanging susah. Saben nyembah marang Gusti aku nyuwun supaya diwenehi ati sing ekhlas. Aku coba golek kagiyatan akeh supaya ora kelingan maneh, apa maneh saiki aku wis adoh saka Santo, aku ning Semarang, Santo ning Bekasi. Ora ngerti kepriye, dina iki aku krasa kangen banget marang Santo, bubar sholat ashar aku donga nganti nangis, kepengen banget krungu swarane Santo nanging aku ora wani telpun marang Santo. Pancen Gusti krungu dongaku, esuke sawise aku donga, Santo SMS aku, takon kabarku. Atiku krasa seneng banget, kesempatan iku takmanfaatake supaya aku bisa komunikasi karo Santo. Wiwit kuwi Santo dadi sering banget komunikasi karo aku, malah takon apa aku esih duwe perasaan karo dheweke. Nalika ditakoni aku bingung, sakjane ya aku esih duwe perasaan kanggo dheweke nanging yen aku ngomong aku wedi Santo bakal jaluk balik karo aku merga wektu kuwi Santo lagi padu karo pacare. Dugaanku bener, Santo ngajak balikan nanging aku ora gelem merga aku ora penak karo pacare, aku mikirake perasaane pacare Santo.
Wiwit saka iku aku mulai ngadohi Santo, aku ora komunikasi maneh karo Santo, aku wis ngomong marang Santo supaya njaga pacare, aja nganti gawe lara atine merga aku wis ngrasakna larane. Aku ora pengen wong liya lara ati gara-gara aku.
Nem sasi aku ora komunikasi karo Santo. Aku coba golek kagiyatan supaya aku ora kelingan Santo. Aku uga golek kanca akeh, nganthi aku cedhak karo salah siji kancane Mas-ku, yaiku Mas Udin. Aku sering banget komunikasi karo Mas Udin, Mas Udin uga kerep dolan menyang omahku. Bapak-Ibuku uga wis kenal karo Mas Udin merga wiwit cilik dolan bareng karo Mas-ku. Aku karo Mas Udin uga raket banget, sering curhat, sering lunga bareng kaya wong pacaran nanging aku karo Mas Udin wis kaya kakang karo adhi.
Sawijining dina aku diajak Mas Udin jalan-jalan, jebul Mas Udin uga ngajak kancane, jenenge Bahtiar. Merga bocah telu, aku uga ngajak kancaku supaya genep bocah papat, nganggo motor loro. Wektu jalan-jalan kuwi aku dikenalake karo Bahtiar. Saka kenalan kuwi aku dadi kerep komunikasi karo Bahtiar. Bahtiar jaluk nomer hape-ku, aku lan Bahtiar uga kerep komunikasi lewat facebook. Seneng banget rasane duwe kanca anyar, bisa ngurangi rasa sedhihku gara-gara Santo. Wiwit iku aku ora tau kelingan marang Santo, Bahtiar bisa gawe aku lali marang Santo. Ing atiku lan atine Bahtiar thukul rasa tresna kang ora disadari. Sawijining dina aku ngomong marang Bahtiar yen aku arep menyang Yogya. Aku diajak ketemu karo Bahtiar ing Malioboro, merga Bahtiar uga kuliyah ing Yogya.
Esuk-esuk sadurunge mangkat menyang Yogya, Bahtiar SMS aku, takon kapan tekaku. Tak kira ajakane Bahtiar mung guyon, jebul temenan Bahtiar arep ketemu karo aku ing Yogya. Atiku ngrasa bungah, merga wis suwe aku ora ketemu Bahtiar.
Tekan Yogya aku SMS Bahtiar, jarene arep ketemu aku sawise aku ngrampungi urusanku, wetara bubar maghrib. Sawise tekan maghrib, aku nuruti janjiku kanggo ketemu Bahtiar ing Malioboro. Aku ngobrol karo Bahtiar ing pinggir dalan kang rame banget, kiwa tengen akeh wong dagang jarit, panganan lan liya-liyane kang dadi khas Yogya. Ora suwe anggone ngobrol. Bahtiar ngajak aku mangan bareng ing lesehan.
“Wati,  ayo mangan sek neng lesehan kae lho ben ngobrole tambah penak”
“Owalah, iki wis arep jam pitu, sedhelok maneh rombonganku kumpul arep balik menyang Semarang, kapan-kapan wae ya”
“Lha wong kae rombonganmu esih akeh sing belanja ngono kok, ayo lah, jalan-jalan sek karo aku. Mengko dakanter menyang tempat parkir bis rombonganmu nganggo motorku”
“Sepurane, aku kudu kumpul saiki. Kae kancaku wis mrene arep ngajak menyang parkiran”
“Halah yawis, kana. Ati-ati ya, suwun lho wis kersa ketemu karo aku ing Yogya”
“Iya, padha-padha ya. Muga-muga mengko bisa ketemu maneh”
“Iya”
Aku banjur ninggalake Bahtiar, mlaku menyang parkiran mobil bis. Ora suwe sawise aku teka, bis-e jalan. Atiku ngrasa ora penak marang Bahtiar merga wis nolak ajakane. Sakjane ya aku pengin nampa, nanging aku wedi ketinggalan bis.

Telung dina sawise aku ketemu karo Bahtiar ing Yogya. Wetara bar isya Bahtiar nelpon aku, aku heran merga ora kaya biasane. Telpon dakangkat, Bahtiar takon kabar lan mbahas patemon wingi ing Yogya. Jarene Bahtiar arep jaluk aku dadi pacare, nanging ora ana kesempatan kanggo ngomong, akhire ing telpon Bahtiar ngomong, jaluk aku dadi pacare. Atiku dag dig dug nalika Bahtiar ngomong mengkono, aku bingung arep jawab apa. Ing atiku esih ana Santo, nanging aku uga nduweni ati kanggo Bahtiar. Aku kepengen banget nglalekna Santo supaya uripku tenang, ora kepikiran saben dina. Yawis, akhire aku nrima ajakane Bahtiar. Aku lan Bahtiar duwe sesambungan kang raket.

Sawise dadi pacar, aku lan Bahtiar kerep banget SMS-an lan telpun. Wiwit tangi turu nganti arep turu maneh ora ana lirene anggone SMA-an utawa telpunan. Ing ati kaya seneng banget, aku nganti percaya yen aku bakal karo Bahtiar selawase, tresnaku saya ngrembaka, aku uga saya lali karo Santo. Nanging kabeh kuwi ora suwe. Aku digawe kuwalahan dening Bahtiar mung seminggu. Sawise iku Bahtiar angel banget anggone komunikasi. Aku ngirm SMS akeh ora tau dibales, akhire aku coba ngirim pesen lewat facebook. Bahtiar mbales pesenku ing facebook, atiku ngrasa bungah merga ana kabar saka Bahtiar. Aku takon alesane Bahtiar ora tau mbales SMS-ku maneh, jarene ora duwe pulsa. Merga aku ora pengen mbebani Bahtiar, aku percaya karo Bahtiar. Nanging saya suwe sesambunganku karo Bahtiar, Bahtiar tetep ora tau ngabari aku. Akhire aku takon maneh alesane ora tau ngabari merga aku kuwatir mbokmenawa Bahtiar ana apa-apa. Nanging Bahtiar jawabe mung nyante, jare ora ana apa-apa, jarene Bahtiar ora pengen ngganggu aku, supaya aku bisa kuliyah sing bener. Pancen becik niate Bahtiar sing kaya mengkono, nanging atiku krasa lara. Kanggo apa Bahtiar gawe sesambungan karo aku yen bakal ngomong kaya mengkono, mung ing arepe wae apik-apik, saya suwe saya gawe larane ati, gawe pikiran nduga sing ora-ora. Wiwit kuwi aku curiga yen Bahtiar nduweni tresna marang wong liya, nanging aku coba percaya karo Bahtiar. Aku mutusake yen aku ora ngabari Bahtiar, ben sakarepe Bahtiar.

Ora let saben dina aku mikiri Bahtiar, sebenere apa sing dikarepake dening dheweke. Aku kudu piye, di-SMS ya ora tau mbales, ing facebook uga jarang aktip. Ing kahanan kang kaya mengkono, ujug-ujug Santo nelpun aku, menehi kabar. Aku kang lagi bingung ya ngladeni Santo. Aku dadi sering komunikasi maneh karo Santo, malah Santo ngajak balik maneh sesambungan karo aku merga dheweke wis putus karo pacare, nanging aku ora gelem, aku wis duwe Bahtiar. Tolakanku ora mempan marang Santo, Santo tetep wae kepengen gawe sesambungan maneh karo aku senajan dadi sing nomer loro. Nanging atiku tetep ora gelem, aku kepengen setiya karo Bahtiar senajan aku ora ngerti kepriye kabare Bahtiar.

Suwe banget anggone aku sabar nuruti polahe Bahtiar, nanging aku wis ora sabar. Sawijining dina, aku ngerjani Bahtiar, ngaku dadi wong wedhok liya kang ora dikenal Bahtiar lewat SMS nganggo nomer anyar. Aku coba jaluk kenalan karo Bahtiar, bales-balesan SMS, takon-takon marang Bahtiar babagan pacare, nanging atiku kaget kaya kesamber bledheg nalikane Bahtiar ngaku yen dheweke ora duwe pacar. Lha terus sasuwene iki aku dianggep apa?
Sawise aku ngerti yen Bahtiar mengkono kelakuwane, aku langsung SMS marang Bahtiar nganggo nomer kang biasa tak-nggo SMS marang Bahtiar, aku jaluk medhotake sesambunganku karo Bahtiar sawise aku ngomong akeh babagan kelakuwane Bahtiar. Nanging aku ora nyangka yen Bahtiar gampang banget ngeculke aku, tanpa ana rasa sedhih. Atiku nangis, aku dolan marang Mbak Lulu cerita masalahku.
“Kowe kena apa kok nangis?” Mbak Lulu ndhikep aku karo takon
“Aku wis dilelara Bahtiar Mbak”
“Lho kok bisa?”
“Iya mbak, jebul Bahtiar gampang banget seneng karo wong liya”
“Ya Alloh ndhuk, sabar ya. Mengko ya mesthi ana sing luwih becik”
“Iya Mbak”

Bubar iku aku ngabari Santo babagan Bahtiar, nanging ora ana maksud kanggo mbujuk Santo supaya balik maneh karo aku. Esuke Santo menyang omahku, takon perkara sing tak omongake. Aku cerita kabeh karo Santo, tanpa duweni rasa ewoh merga aku butuh wong kang bisa nenangna aku. Sawise krungu ceritaku, Santo malah ngajoke yen dheweke arep maju gawe sesambungan maneh karo aku. Aku kang atine lagi ora karuwan ora bisa jawab langsung, aku jaluk wektu kanggo mikirake ajakane Santo.

Pirang-pirang dina aku mikirake ajakane Santo, aku wedi yen aku bakal dilelara maneh, nanging tresnaku uga esih ana kanggo Santo. Akhire aku nrima ajakane Santo, gawe sesambungan maneh karo Santo, janji bakal setiya selawase. Aku coba nglalekake Bahtiar kanggo Santo.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar