Rabu, 13 Januari 2016

Carita

SRIKANDI BOCAH MBANGUN TURUT

                Durgandhini lan Srikandi kanca lungguh bareng semeja, nunggal kelas ing sawijining SMP kang ana ing kutha Tegal. Bocah loro kuwi padha ayune, nanging wateke beda banget kaya bumi lan langit.
                Ana Sekolahan, Durgandhini kancane sathithik malah kepara ora duwe kanca. Kuwi amargi Durgandhini bocahe ora resikan utawa jorok. Yen memangan wungkuse dibuwang ana sembarang panggonan, sok sok dibuwang ana ing laci meja. Menawa rembugan, pedhes tembunge uga kasar tembunge. Rumangsa anake wong sugih Durgandhini gedhe endhase.
                Beda kari Srikandi kang akeh kancane lan disenengi para guru. Srikandi ana sekolahan katelah murid sing landhep pikire, manis rembuge, padhang ulate, seneng tetulung lan ora nggegem tangan.
                Ana ngomah Srikandi bocah sing mbangun turut marang wong tuwa. Saben dina tangi esuk, adus, sholat, banjur ngrewangi wong tuwa resik-resik omah. Peturon diresiki, sprei lan bantal ditatani maneh, kemule dilempit. Meja lan kursi dikeludi utawa dilap. Jogane disapu resik. Mengkono uga yen ana piranti pawon, kayata piring, gelas, utawa sendhok sing reged, cepet-cepet diisahi, dideleh ing panggonane, dadi kabeh tumata rapi.
                Srikandi uga bocah sing duwe kasenengan nenandur. Pekarangan ngarep omah sanadyan ciyut dening Srikandi ditanduri maneka wit kembang. Kabeh ditata kanthi rapi miturut jenis lan warnane, dadi ora asal nandur. Uga ana pot-pot cilik tanduran kembang ding dideleh ana teras omah.
                Dene pekarangan buri omah ditanduri wit-wit obat keluwarga, kayata kunir, jae, laos, lan liya-liyane ngiras kanggo bumbon. Saben esuk lan sore yen ora udan, Srikandhi nyirami tandurane. Godhong-godhong garing kang tumiba dikumpulake, diobong, mengkono uga suket-suket kang ndadekake rungkut dibubuti, bar kuwi disapu nganthi resik. Mula senadyan cilik lan prasaja omahe Srikandi mbetahi lan nyenengake amarga resik lan eyup. Kahanan kuwi ndadekake wong-wong sing manggoni rumangsa padhang jagade, padahang langite, uga padhang pikire.

                Srikandhi sregep banget anggone njaga karesikan lan kaendahan lingkungan omahe, amarga Srikandi ngerti yen omahe reged, jorok bisa dadi omahe lemut lan nekakake lelara. 

Sumber: Asah Basa Bahasa Jawa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar