Sabtu, 02 Januari 2016

Pilihen salah siji a, b, c utawa d kang mujudake wangsulan paling bener!
Ora usah dikongkon putra-putrane pak Priyana wis ngerti marag kuwajibane dhewe-dhewe. Tandang gawe apa bae ditindhakake kanthi iklas ora tau nggedumel.
1. Kepriye sifate putra-ptrine Pak Priyana?
a. Anak sing mbangun turut marang wong tuwa.
b. Anak sing seneng ,bangkang karo wong tuwa.
c. Anak sing wani karo wong tuwa.
d. Anak sing kesed, ora gelem mbantu wong tuwa.

Prasetya murid sing pinter. Marang kanca grapyak semnak. Yen kekancan ora pilih kasih, mulane bisa kanggo tepa tuladha.
2. Kepriye sifate Prasetya marang kanca-kancane?
a. gumedhe.
b. grapyak semanak.
c. pilih kasih.
d. ugungan.

3. Marini iku bocah sing lembah lan tata....
a. busana.
b. tertib.
c. krama.
d. tentrem.

Bu Anggi: "Lin... mbesuk maneh yen arep matur karo Bu Guru kuwi sing sopan, aja laro gemboran kaya kuwi!"
Lina: "......................"
4. Ukara kang trep kanggone Lina yaiku....
a. Sory ya, Bu. Soale aku mau gugupan.
b. Maaf ya, Bu. Mbesuk maning ora.
c. INggih Bu, maturnuwun. Nyuwun pangapunten.
d. Sih kepriben bu kudune? kaya kuwe salah?

Bu Sari: "Lha Bapakmu neng endi?"
Dewi: "Bapak nyambut damel wontwn Jakarta, Bu."
5. Dewi anggone matur karo Bu Dewi nggunakake basa....
a. ngoko lugu.
b. ngoko alus.
c. krama lugu.
d. krama alus.

6. Tembung "pesangon" yen dirimbag manut asale yaiku....
a. pa + sangon
b. pa + sangu + an
c. pasangu + an
d. pa + angon.

7. Yen arep mangkat sekolah kudune sepaton, ora malah sandalan.

Panambang "an" ing tembung sepaton tegese....
a. duwe sepatu
b. nggawa sepatu
c. nganggo sepatu
d. nyangking sepatu.

8. Raden Kumbakarna gugur ing madyaning yuda mbelani bumi wutah getihe.

Gugur ing madyaning yuda tegese....
a. maju oerang
b. kalah perang
c. menang perang
d. mati ing perang.

9. Prabu Dasamuka iku narendra ing negara....
a. Pancawati
b. Alengka
c. Mahespati
d. Pangleburngangsa.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar