Sabtu, 02 Januari 2016

Pacelathon nggunakake telepon

Pacelathon iki tuladha pacelathon nggunakake pesawat telepon

Bima: "Halo.. Assalamu'alaikum"
Inu: "Wa'alaikumsalam, iki sapa?"
Bima: "Aku Bima "
Inu: "O... Bima, kepriye Bim, ana apa?"
Bima: "Arep takon acara sesuk minggu, sida ora?"
Inu: "O... kerja bakti ngresiki desane dhewek iki? Ya sida ta, warga wis padha ngerti kok, acarane diwiwiti esuk jam 06.30-an".
Bima: "Nu, sing diresiki mung omahe dhewek ta?"
Inu: "Ya ora. Wiwitane ngresiki omahe dhewek-dhewek, banjur mengko jam 07.00 cah enom-enome kaya awake dhewek iki kumpul ana ing bale desa!"
Bima: "Arep dikon apa?"
Inu: "Mengko dibagi tugas, ana sing ngresiki masjid, bale desa, mushola, uga kali".
Bima: "O... ngono. Ya wis ngerti, banjur aku mengko nggawa piranti apa?"
Inu: "Ya piranti kanggo resik-resik, kayata sapu, pacul, arit, sapu sawang, yen duwe ya kowe nggawa piranti kanggo ngeruk runtah sing nyumpeli"
Bima: "Sing kaya garpu garukan kae?"
Inu: "Iya bener".
Bima: "Ya wis, mengko tak gawa. Yawis matur nuwun ya Nu. Wassalamu'alaikum"
Inu: "Wa'alaikumsalam"


Tidak ada komentar:

Posting Komentar