Jumat, 01 Januari 2016

Tembung Entar

Tembung Entar (Kosok balen)

Abang kupinge : Nesu banget
Abang-abang lambe : Ora temenan
Abang raine : Nandhang isin
Adol ayu : Ngendelake ayune
Adol bagus : Ngendelake baguse
Adol gawe : Ngatonake penggaweane
Adol kringet : Nyambut  gawe
Adus getih : Tatune nemen banget
Adus luh : Nemen anggone nangis
Apus krama : Diapusi cara alus
Bau suku : Abdi batur
Bening atine : Sumeh
Mbuang sangkal : Mbuwang apes
Cagak urip : Kanggo nyukupi kebutuhan uripe
Cangkem gatel : Seneng ngrasani
Cilik atine : Kuwatir/wedinan
Cupet atine : Gampang nesune
Cupet pangadel : Ora percaya
Cepak jodhone : Gelis oleh jodho
Dadi gawe : Ngrepotake
Dawa tangane : Seneng nyolong
Dhuwur atine : Gumedhe
Entek atine : Kaweden/kuwatir banget
Entheng sanggane : Ora rekasa
Gantung kepuh : Sandangane ora tau ganti
Gedhe omonge : Umuk ora ana nyatane
Gedhe endase : Sombong
Idu geni : Omongane tansah kelakon
Ilang mati : Ora bisa ngrasakake
Jaka lara : Rikala nome rekasa
Jembar kawruhe : Akeh ngilmune
Jembar dhadhane : Sugih pangapura
Jembar polatane : Sumringah
Kandel kulite : Digdaya
Kaku atine : Tansah ora sarujuk
Kulak warta : Golek kabar/warta
Lambe tipis : Criwis
Landhep dengkul ; Kethul banget
Lobok atine : Sabar
Luhur drajate : Dadi wong pangkat
Lumah tangan : Ora gelem cawe-cawe
Manis eseme : Eseme ngresepake ati
Mara tangan : Seneng gawe lara
Mateng kawruhe : Mumpuni, kawruhe wis tutug
Nandhang sungkawa : Lagi susah
Nangsu kawruh : Golek ngelmu
Ngatonake siyunge : Nuduhake kekuwatane
Ngepuh kringet : Nyambut gawe mempeng
Ngemut driji : Ora oleh apa-apa
Padhang dalane : Mlebu suwarga
Pecah pamore : Wis ngancik diwasa
Rai gedheg : Ora duwe isin
Runtuh atine : Tuwuh welase
Sabuk gelang : Sawahe akeh banget
Sepi kawruh : Bodho
Seret rejekine : Ora gampang golek rejeki
Sumpeg atine : Susah
Thukul pikire : Nduwe akal
Thukul turune : Nduwe anak
Udan tangis : Akeh sing padha nangisi
Ulat manis : Sumeh
Utang wirang : Tau gawe wirange wong liya
Walang ati : Sumelang/kuwatir
Wani mati : Nekad

Sumber : Pepak Basa Jawa Lengkap

Tidak ada komentar:

Posting Komentar