Sabtu, 02 Januari 2016

Tembung-tembung

Tembung

1. Tembung entar, yaiku tembung kang mawa teges ora salugune.
Tuladha: gedhe endhase tegese umuk, gumedhe

2. Tembung lingga, yaiku tembung kang isih wutuh, durung rinaketan wuwuhan (ater-ater, seselan, panambang).
Tembung lingga ing basa Jawa racake dumadi saka rong wanda utawa telung wanda. Wanda kuwi ing Basa Indonesia diarani suku kata. Wanda ing Basa Jawa ana rong werna yaiku wanda mengla lan wanda sigeg.

Wanda menga yaiku tembung lingga kang wanda pungkasane awujud vokal.
Tuladha: ibu = i - bu
               sapu = sa - pu
               teka = te - ka

Wanda sigeg yaiku tembung lingga kang wanda pungkasane awujud konsonan.
Tuladha: pacul = pa - cul
               tulis = tu - lis
               tutup = tu - tup

Tembung andhahan utawa kata jadian, yaiku tembung sing wis owah saka linggane utawa tembung lingga kang wis dirimbag. Pangrimbage yaiku kanthi muwuhake tuwuhan (ater-ater).

ater-ater yaiku wuwuhan kang manggon sangarepe tembug lingga. Panulise kudu gandheng karo tembung linggane, ora kena dipisah.
- Ater-ater anuswara (m,n,ny,ng)
- Ater-ater tripurusa (dak, ko, di)
- Ater-ater a-, ka-, ke-, sa-, pa-, pra-, pri-, tar-, kuma-, kami-, kapi-.

Tuladha:
Ater-ater anuswara: m + balang
                                m + pacul

Ater-ater tripurusa: dak + tuku
                                kok + pasang
                                di + gawa

Sumber: Asah Basa (Basa Jawa)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar