Sabtu, 16 Januari 2016

Calon Arang

Calon Arang

     Wonten satunggaling pandhita ingkang asma Empu Baradah, gadhah lare estri ingkang nama Wedawati. Rikala umur 11 taun dipuntilar seda biyungipun. Sang Bharadah krama malih, gadhah lare jaler. Wedowati boten kerasan ndherek biyungipun kuwalon. piyambakipun kesah dhateng pasarean biyungipun. Dipunajak wnagsul dening ra,anipun tetep boten purun, malah taksih tetep milih wonten pasarean biyungipun kemawon. Prakawis punika adamel susahing penggalih Bharadah. Kangge angawekani prakawis punika, wonten pasarean wau dipundegi griya, kangge Wedawati kaliyan Bharadah sabrayat. Rikala samanten ingkang dados ratu ing Kedhiri inggaih punika Raden Airlangga.
       Ing dhusun Girah wonten satunggaling randhu ingkang gadhah lare estri lan sulistya ing warni. Lare ayu wau kaparing asma Rara Manggali. Sang Rara sampun diwasa, nanging dereng wonten ingkang anggarwa, malah saged kawastanan prawan kasep. Sedaya punika amargi saking pokaipun ingkang biyung inggih punika remenipun nyanthet sasamaning agesang. Amargu dados prawan kasep, pramila manahipun Mbon Randha sakit lan rumaso dipunece dening tiyang-tiyang ing nagari punika. Amargi rumaos dipunece, pramila lajeng pasang teluh utawi santhet. tiyang nagari sakit sakit sedaya lan kathah ingkang tiwas (pejah). Sang Prabu Airlangga nimbali para nujum ingkang sekti mandraguna, kadhawuhan niti priksa kawontenan nagari punika.
     Amargi pageblug ingkang andadosaken tiyang pejah,ing nagari punika santer sanget. Para nujum kala wau matur bilih sedaya menika pokalipun saking Mbok Randha Girah. Nanging sedaya kala wau cabar bubar lan sami tiwas utawi pejah. Sesakit pageblug sansaya mrindingaken manah, kathah ingkang sami pejah. kangge ngawekani prakawis punika,  pramila Sang Prabu lajeng nimbali Empu Baradah kangge nyirnakaken Mbok Randha Calon Arang kasebat. 
       Kacariyos, Empu Baradah kagungan siswa ingkang nama Bahula. Bahula kala wau dipundhawuhi nglamar anakipun Mbok Randha Garah utawi Calon Arang ingkang asesilih Ratna Manggali. Panglamaring Bahula dipuntampi dening Mbok Randha Calon Arang. Estunipun Bahula siyos palakrama kaliyan Ratna Manggali, gesang lestantun. Salebetipun ndherek mara aepuh (Calon Arang), Bahula saged nyidra kitabipun Mbok Randha ingkang isinipun pinten-pinten japa mantra, kalebet ilmu kangge panulaking teluh utawi santhet. Kitab lajeng kaaturaken dhateng Empu Bharadah.
        Empu Bharadah sasampunipun nampi kitab saking Bahula, lajeng tindhak dhateng Mbok Randha lan ngemutaken pandamelan Mbok Randha Calon Arang ingkang tansah adamel sisahing sesamining agesang. Mbok Randha duka sanget lan saged diperjaya dening Empu Bharadah. Wusana Mbok Randha Girah utawi Calon Arang nemahi seda. Sasedane Calon Arang, sesakit ing nagari kala wau sanalika sirep lan ical babar pisan.

Sumber: Marsudi ing Basa lan Sastra Jawa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar