Rabu, 16 Desember 2015

Artikel

Pendidikan Karakter lan Karawitan

            Jaman saiki teknologi wis maju, kabeh-kabeh serba canggih nanging karakter manungsa malah sansaya ora karu-karuwan. Karakter sing diduweni mesthine dilatih wiwit esih bocah mula nganti diwasa bisa dadi wong kang becik. Sangkutane karo karakter yaiku metode sing dienggo kanggo mbentuk karaktere bocah. Ing Universitas Negeri Semarang ana pelatihan karawitan kanggo bocah-bocah SD, sing mulang yaiku dhosen utawa mahasiswa UKM KJ (Unit Kegiatan Mahasiswa Kesenian Jawa). Ing panggonan UKM KJ ana pirang-pirang alat karawitan kang biasa dienggo mahasiswa latian karawitan, nanging iki beda maneh. Saiki malah ana tambahan personel latian, yaiku bocah-bocah SD sing padha latian karawitan. Bocah-bocah sing latian kuwi asale namung kelas enem, nanging saiki ana tambahan maneh kanggo bocah-bocah kelas lima SD, iku merga sing mbutuhake pendidikan karawitan iku ora mung bocah kelas enem. Kelas lima uga malah perlu banget disinauni karawitan merga umure isih luwih enom dadi gampang anggone mudheng. Siswa-siswi kang latian karawitan kuwi siswa-siswi SD N Sekaran 01 Kecamatan Gunung Pati, Kabupaten Semarang, Jawa Tengah. Latian karawitan kuwi asale namung kanggo kelas enem kang arep dienggo pentas perpisahan, nanging gurune malah ngongkon kelas lima uga diltih supaya pada bae bisa, kanggo terusane mengko. Latian karawitan bocah-bocah SD kuwi tujuane kanggo nglatih kepekaan lan mbentuk karaktere para siswa. Latian peka kanggo bocah kuwi bisa nalika bocah nyeimbangake nada supaya bisa dadi suara kang becik dirungokake, nglatih kesabarane bocah uga bisa nalika sabar ngenteni kancane bisa nabuh kanthi nada kang trep. Kabeh kuwi butuh keuletan sing bener-bener mula karawitan disinauni kanggo bocah SD merga nalika isih cilik kuwi isih gampang dipengaruhi otake supaya nurut lan isih bersih otake, durung mikir pirang-pirang mula bisa ngemut-emut apa kang wis disinauni.
Asil sinau karawitan kang awujud karakter kuwi mengkone bisa diterapake ing lingkungane, supaya bisa dadi wong kang becik, contone sikap pekane bocah nalika latian karawitan bisa dadikake sikap pekane bocah nalika ana wong kang lagi nandhang susah utawa ing sekolah bocah bisa ngerteni apa kang dimaksud gurune tanpa gurune nerangake kanthi dawa.  Latian karawitan sing dilakoni dening siswa-siswi SD Sekaran 01 uga kanggo nglatih tanggung jawabe para siswa nalika ana ing kumpulane masarakat. Kabeh kuwi intine kanggo pendidikan karakter bocah-bocah kang diwiwiti nalika esih enom merga isih gampang dididik lan dipengaruhi. Miturut sing nglatih karawitan, bocah-bocah SD Sekaran kuwi padha seneng nalika latian karawitan.
Nalika latian karawitan bocah-bocah padha seneng, padha rebutan anggone nabuh gamelan. Antusias kuwi nandakake sikape bocah kang nduweni rasa tresna karo kabudayane dhewek lan bisa ndiweni niat kanggo nglestarikake bidaya Jawa khususe karawitan. Rasa kepengin nglestarikake kuwi sikap kang becik lan wis kudune diduweni dening kabeh masarakat Indonesia merga saiki masarakat kaya-kaya wis isin kanggo ngakoni hasil budayane dhewek, padahal budayane dhewek kuwi luwih becik ketimbang budaya liyane. akeh turis kang seneng karo budaya Jaw ananging wong Jawa dhewek ora seneng marang kabudayan Jawa. Nah, bocah-boch SD kuwi bisa dadi conto kanggo kabeh masarakat Indonesia kanggo nresnani budayane dhewek aja malah seneng karo produk-produk luwar negeri kang asile bisa ngrusak karaktere masarakat Indonesia. Pendidikan karakter nalika latian karawitan kuwi ora kalah karo karakter kang diasilake dening kagiyatan liyane merga ing karawitan kuwi akeh intrumen kang kudu dingerteni. Kanggo ngerten instrumen kuwi bocah-bocah kudu bener-bener paham apa kang diwulang dening sing mulang, nalikane niteni kabeh-kabeh piwulange gurune kuwi bocah padha lagi dididik karaktere kanggo dadi wong kang tanggung jawab merga wis diwulang mangka kudu bisa prakteke.
Pendidikan kang diwulang ana ing sekolah Dasar kuwi ora cukup kanggo ngembangake pribadine para siswa merga siswa uga prelu sarana liyane kanggo ngembangake pola pikire, salah sijine ya karawitan. Karawitan saiki wis jarang ditemoni ana sekolah-sekolah kanggo mata pelajaran, merga wia kakehen mata pelajaran liya-liyane kang dianggep wigati kanggo masa depane para siswa supaya bisa pada dadi wong kan pinter, tur migunani kanggo wong liya.

Pendidikan karawitan kang digagas guru SD Sekaran 01 kuwi pancen becik, merga gurune berarti wis sadar gunane karawitan kanggo bocah-bocah, saliyane kanggo kebutuhan pendidikan kayata ujian praktek, uga kanggo nglestarekake budaya Jawa. Guru kang mulang uga ndadekake latian karawitan kang ana ing unnes kuwi kanggo mbentuk karakter bocah, kerana pendidikan formal wae ora cukup kanggo mepeki kabutuhan perkembangan otake bocah. Prelu sarana liyane kang kudu ditambahake merga pelajaran kang ana ing sekolah namung nyukupi pendidikan otak, kurang kanggo pendidikan karakter, padhahal ing jaman saiki wong mung pinter akademik iku ora cukup, butuh karakter kang becik, mula nalikane sekolah kudu bener-bener dididik akademike lan karaktere, salah sijine ya latian karawitan. Pedidikan seni lan budaya kang ana ing sekolahan ora nyinaoni karawitan, namung seni-seni biyasa kang wis umume mula guru uga ngrasa karawitan iku penting.
Pentinge karawitan wis cetha, mula prelune ana pelajaran kang nyinaoni babagan karawitan wiwit SD supaya kanthi gedhe bocah-bocah wis padha bisa. Nanging saiki durung ana, karawitan diwiwiti ana ing Perguruan Tinggi, nanging ana panggonan-panggonan kang dikhususake kanggo latian karawitan kayata sanggar seni lan liya-liyane. merga karawitan ora kalah penting kanggo pendidikan karaktere bocah, pemerintah kudu nduweni kebijakan babagan kesenian karawitan ing sekolahan merga karawitan uga salah siji budaya Jawa kang kurang diminati dening bocah-bocah saiki. Jaman saiki bocah-bocah malah padha seneng karo kabudayane wong luwar kang mlebu ing Indonesia. Mlebune kabudayan sing luwar gawe akehe ragam budaya kang ana ing Indonesia nanging akeh efek negatif sing bisa gawe karaktere bocah ora apik merga kurang didikane lan nuruti pendidikan budaya luwar kang ora trep diterapake ing Indonesia.
Saiki masarakat lan pamarentah kudu bareng-bareng ngrembakakaken budaya kanggo pendidikan karakter generasi muda kang bakal gawe nagara iki maju lan dikenal dening nagara-nagara liyane merga majune nagara kuwi manut wong-wong enome kang peduli marang nagarane lan nduweni rasa peka kang dhuwur. Pendidikan ora namung sing ana ing sekolahan kayata Ipa, Ips, Matematika lan liya-liyane nanging uga pendidikan kang bisa mbangun karaktere bocah supaya bisa nggawa majune nagara.

Ing Jawa Tengah iki akeh banget lembaga-lembaga pendidikan kang visine gawe pintere manungsa ing bidang-bidang kang bakal gawe sukses, babagan kuwi penting banget nanging aja nganti pentinge kuwi nganti ninggalake pendidikan pelestarian budaya lokal lan malah balik nglestarikaken budayane wong liya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar