Dialek Tegal lan Semarang
Dosen kang ngampu :
Widodo
Dening :
Susilawati 2601414010
Jurusan Bahasa dan
Sastra Jawa
Fakultas Bahasa dan Seni
Unniversitas Negeri
Semarang
2014
BAB I
PENDAHULUAN
1.1
Latar Belakang
Dialek Tegal sing biasa
digunakake wong Tegal saiki wis akeh digunakake ing sajabane Tegal. Iki amarga
akeh wong Tegal sing ngranto ing wilayah-wilayah sajabane Tegal. Mesthine
dialek Tegal kudu terus dilestarikake amarga dialek Tegal uga alah sawijining
dialek ingkang ana ing Indonesia. Dialek Tegal kuwi ana hubungane kaliyan
fonologi, mula prelu dibahas ing makalah iki.
1.2
Rumusan Masalah
1.2.1 Apa bedane pangucapan dialek Tegal kaliyan dialek Jogja, Solo lan
sapiturute?
1.2.2 Piye hubungane dialek Tegal kaliyan cara pangucapan, intonasi uga
makna ing fonologi?
1.2.3 Kepriye polakanonik ing dialek Tegal?
1.2.4 Apa ing dialek Tegal ana diftong lan vokal rangkep?
1.2.5 Apa ing dialek Tegal ana tembung ingkang nganggo konsonan rangkep
lan gugus konsonan?
1.3
Tujuan
1.3.1 Kangge nglestarikake basa Tegal supaya tetep ana
1.3.2 Kangge ngenalake unike basa Tegal
1.3.3 Dadi alat kangge nyinauni fonologi ing basa Tegal
1.3.4 Gawe nambah wong supaya padha seneng dialek Tegal.
BAB II
PEMBAHASAN
2.1 Bedane pangucapan
Dialek Tegal kaliyan Dialek wong Semarang, Solo, Jogja lan Sekitare
Wilayah Indonesia iki
luas sanget, awit sabang tekan merauke. Ing saben-saben wilayah kuwi nduweni
bahasa daerah dhewek-dhewek, uga nduweni dialek dhewek-dhewek. Ing mkalah niki
kula badhe mbahas bab dialek tegal lan dialek semarang. Saged dimangertosi
dhewe, dialek semarang lan tegal kuwi beda banget. Menawi ing semarang kuwi
wonge ngomonge alus lan alon-alon, beda kaliyan wong Tegal, wong Tegal ngomonge
kasar, utawa luwih dikenal ngapak. Mula bedane cara ngomonge wong tegal kaliyan
wong semarang gampang dingerteni. Tuladhane ing rombel 1 prodi pendidikan
bahasa dan sastra jawa universitas negeri semarang ana 5 wong saka tegal lan
kabeh akehe saking semarang lan sapiturute. Nalika para mahasiswa diskusi utawa
ngobrol bisa ditebak wong semarange lan wong Tegale, amarga dialeke wong Tegal
gampang diketarani, lan wong Tegal kuwi nalika ngomong nganggo basa apa bae
pasti dialek Tegale ora ilang, tetep ketara wong Tegal.
2.2 Hubunganipun Dialek
Tegal Miturut Intonasi, Pangocapan lan Bedane Makna
Nalika ngomong
saben-saben wong sing asale saka wilayah sing beda pasti nduweni dialek
dhewe-dhewe, intonasi, pangucapan lan makna tembung kang bedha.
- Intonasi
Intonasine wong
ngomong pasti beda-beda. Nalika wong Tegal ngomong, intonasine dhuwur utawa
kesane teges, nanging menawi wong Semarang, Solo, lan Jogja intonasine pendek
utawa kesane alus.
- Pangocapan
Menawi wong Tegal
ngomong, pangucapane pasti kanggo dialek kang medhok, utawa ketara banget. Bisa
diarani wong tegal kuwi wong sing jujur, amarga nalika ngucapake kata pasti
miturut tulisane, utawa menawi ing fonologi kuwi nganggo vokal jejeg, ora kaya
wong lingkungan semarang, solo lan Yogyakarta sing nganggo vokal miring ing
fonologi utawane wong sing ora jujur, amarga ngucapake kata ora padha karo
tulisane.
Contone:
Tulisan
|
Pangocapan wong Tegal
|
Pangocapan wong Solo,
Yogyakarta, Semarang
|
Pada
|
Pada
|
P OdO
|
Sega
|
Sega
|
SegO
|
Apa
|
Apa
|
OpO
|
Tuwa
|
Tuwa
|
TuwO
|
Ngelih
|
Ngelih
|
NgelIh
|
Pitik
|
Pitik
|
PitI?
|
Makna sing beda
Saben kata mesthi
nduweni makna sing beda-beda. Nah ing basa tegalan yen dipadha aken kaliyan
basa semarang ana tembung-tembung sing pangocapane padha nanging maknane sejen
utawa beda. Contone bae tembung “loro”, nalika ngucapake “loro” ya “loro”
artine 2. nanging nalika wong semarang nalika ngucapake tembung “lara” kuwi
macane “loro”, artine sakit(b.ind). Pramila ucapane wong tegal kuwi kadang
swarane padha kaya pangucapane wong semarang nanging artine sing beda.
2.3 Pola Kanonik ing
Dialek Tegal
Lebet saben
wacana mesti nggadhahi ukara, uga lebet mukawis ukara mesti tersusun saking
tembung-tembung ingkang sengaja dipunsaperloni dadosipun kebentuka mukawis
ukara ingkang padu. Tentune lebet saben tembung ugi tersusun suku tembung
ingkang padu dadosipun mukawis tembung saged nggadhahi jarwi tertentu.
penyusunan suku tembung dados mukawis tembung kanaman polakanonik. Pola kanonik
sanguh badan dai setunggal suku tembung, kalih suku tembung utawia telu suku
tembung. punika niki ngrupikaken tuladha polakanonik lebet basa tegal:
- VK=> eh, oh
tuladha ing tembung : -eh yah bocah koh mbadung temen sih! ( Eh, ini
anak kok bandel yah!)
-
oh kaya kuwe? (oh begitu?)
- KV=> ya
tuladha ing tembung : - ari ora gelem ya wis. (kalau tidak mau ya
sudah.)
- KVK=> wis, lah, koh
tuladha ing tembung : - koen wis mangan apa durung? (kamu sudah makan
apa belum?)
-enyong
ora ngarti koh! (aku tidak tahu!)
-
lah loken? (ah masa?)
- KVKV=> sega, tuku, turu
tuladha ing tembung : - tuku sega mana nang warteg! (sana beli nasi di
warung!)
-
bapane lagi turu. (ayah sedang tidur.)
- VKVK=> adol, edan, udan, obat
tuladha ing tembung : - sapa sing adol boled? (siapa yang menjual ubi?)
-
wong edan koh digugu! (orang gila kok dipercaya!)
-
Nang pagerbarang udan apa ora? (di pagerbarang hujan atau tidak?)
-
Tuku obat nang apotik. (membeli obat di apotek.)
- VKKV=> anjog, endah, undar, ogleg, imbuh
tuladha ing tembung : - wis anjog apa durung? (sudah sampai apa belum?)
-
endah mari mumete ya nginung obat oh! (minumlah obat agar sakitnya sembuh!)
-
Ban pit sing mburi kayong ogleg! (roda sepeda yang di belakang sepertinya
goyang!)
-
Ari tuku telu olih imbuh siji. (kalau membeli tiga dapat bonus satu.)
2.4
Diftong ing Dialek Tegal
Ing dialek Tegal ora
ana diftong utawa vokal rangkep. Diftong lan vokal rangkep kuwi anane namung
ing basa Indonesia.
2.5 Konsonan Rangkep lan
Gugus Konsonan ing Dialek tegal
Iki tuladhane ukara
ing basa tegal ingkang ngangge konson rangkep:
- caplok (memakan)
- sandal (sandal)
- anjog (sampai)
- gandul (pepaya)
- gantar (kayu)
Iki tuladhane gugus konsonan ing basa tegal:
1. Sing akhirane nganggo l
1. Blanja (belanja)
2. Blarak (daun kelapa)
3. Clurit (sabit)
4. Kluban (sayur)
5. Dluwang (kertas)
2. Sing akhirane nganggo r
1. Kroyok (mengeroyok)
2. Trumbas (ikan kecil)
3. Krupuk (kerupuk)
3. Sing akhirane nganggo w
1. Cwakwakan (teriak-teriak)
4. Sing akhirane y
1. Kyai (kyai)
BAB III
PENUTUP
3.1 Kesimpulan
Saking isi makalah
iki, dudutane yaiku dialek tegal iku basa ingkang unik lan prelu dilestarikake
supaya tetep ana, lan jati dirine wong Tegal ora ilang. Saben-saben wong Tegal
mesthi wae ora isin nganggo basa Tegal nalika ana ing daerah liya merga wis
kentel karo kabudayan Tegal. Basa Tegal uga basa kang unik, bisa narik
kawigatene wong kang saka daerah sakliyane Tegal.
3.2 Saran
1. Kudu maca luwih akeh buku-buku babagan materi fonologi kanggo bisa
ngerteni materi fonologi
2. Kudu bisa bareng-bareng nguri-nguri dialek Tegal supaya ora ilang,
amarga dialek Tegal kuwi uga salah sawijining cirine wong Indonesia
3. Aja nyepelekake wong Tegal sing dialekke dikenal ngapak.
DAFTAR PUSTAKA
Sasangka Wisnu, Sry Satriya Tjatur.1989.Paramasastra Gagrag Anyar.Surabaya:PT.Citra
Jaya Murti.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar