Jumat, 04 Desember 2015

Cerkak Motivasi



Kepengin Kuliyah
Jago kukuluruk ana ing karangan, jagad kaya esih katon peteng, srengenge katisen durung gelem ngatokna wujude. Ing jendhela tak sawang banyu kang netes alon nelesi godhong-godhong ijo karo mikirake nasib awakku mengko. Kaya-kaya semangat ing ati iki nantang, kepengen banget nglanjutake sekolah dhuwur sawise lulus SMA. Pokoke aku kudu bisa kuliah, wis mung iku sing tak pikirake. Ora ngerti mengko kuliah ing endi utawa biaya sing endi. Tujuanku mung kepengen ngowahi derajate wong tuwa, bisa sekolah dhuwur supaya bisa oleh kerja kang ora sengsara. Tak pikir, nileku saben semester ya ora elek-elek, merga pancen wis tak niati wiwit aku arep sekolah aku kudu bisa oleh nile-nile kang apik supaya aku bisa ndaptar kuliah. Ora eling jebul anggone mikir wis suwe, Ibu kang nembe bubar masak marani aku.
“Ndhuk, ayo sarapan bareng-bareng”.
“Oh iya bu”.
Kabeh pikiranku tak bubarake, aku lumaku menyang mburi arep sarapan karo Bapak, Ibu lan Adhikku. Senadyan sarapan mung karo tempe lan sambel nanging rasane enak banget merga mangane bareng-bareng sakeluwarga. Ibu lan bapak pacen ngulinakake sarapan bareng supaya keluwarga bisa tetep raket, ora ana kang meneng-meneng dhewek. Sarapane ing buri kang ana pawone, papan kanggo masak. Kursi kang dianggo mung kursi kayu kang digawe bapak wetara wis sepuluh taun, nanging esih kuwat merga jare bapak gawene nganggo kayu jati kang wis tuwa. Ibu runtut jipukake sega kanggo bapak, dilanjut nggo ibu dhewek, banjur aku lan adhikku njipuk dhewek.
Nalikane lagi padha sarapan, aku mikirake maneh kapenginanku anggone kuliyah. Pengen banget aku ngomong marang Bapak lan Ibu, nanging aku ora wani. Mesthi wae Bapak lan Ibu ora sarujuk merga ora ana bandha kang kanggo ngragadi kuliyahku, kanggo mangan saben dina lan nutupi kebutuhan saben dina wae esih kurang. Kangmasku nembe bae omah-omah, mula ibu lan bapak wis ngentekake duwit akeh kanggo duwe gawe. Yen aku tetep njaluk kuliyah mesthi ya ara ana danane.
Ah, aku tetep kepengen ngomong marang Bapak lan Ibu, mbokmenawa bapak lan ibu bisa usaha golek dhuwit kanggo aku kuliah. Sawise padha rampung sarapan, alon-alon aku ngomong menyang bapak.
“Pak, aku iki sadhelat maneh pengumuman ujian. Karepku aku kepengen dhaptar kuliyah pak, supaya aku bisa enthuk elmu akeh, bisa kerja kang kepenak, supaya mengkone aku bisa ngowahi drajate wong tuwa”.
Krungu pitakonku, bapak nyawang langit kang bisa didhelok saka sompang omah merga ora ana gendhenge karo kandha “Ndhuk, ndhuk, sing tak karepi ya ngono, kowe bisa lanjut kuliyah, bisa oleh elmu akeh, bisa kerja kepenak lan sukses, nanging piye maneh, aku ora duwe apa-apa. Kuliyah ora mung nganggo dhuwit sewu rongewu ndhuk, nanging jutanan. Wong Bapakmu iki mung kuli, ibumu yo kuli. Kangmasmu kang mesthine mbantu ya wis duwe bojo, njur yen kowe kuliyah sapa sing arep mbandhani? Aku ora kuwat ndhuk, kowe ya ngerti nembe bae wingi bandhane bapak bubar nganggo kawinan kangmasmu, saiki ya ora ana apa-apa maneh, bisa mangan warek wae sukur ndhuk”.
Krungu jawabane Bapak kang kaya mengkono, aku mung bisa tumungkul, atiku nangis, mataku wis pengen banget ngetokke banyu eluh nanging aku ora pengen ngetokna ing arepe Bapak lan Ibu senajan tenggorokanku lara banget. Aku kethok banget kuciwa, Ibu lan bapak mesthi wae ngerti perasaanku weruh aku kang mung meneng bae tanpa ngomong apa-apa.
“Saiki ngene wae ndhuk, yen kowe bener-bener kepengen kuliyah kerjaa ndhisik setaun, gajimu mbok kumpulke kanggo biaya mlebu kuliyah. Mengko kowe kuliyah karo kerja supaya bisa bayar kuliyahmu. Yen bapak karo ibu mung bisa mbantu samampune”.
Senadyan bapak ngomong kaya mengkono, aku tetep wae durung bisa narima yen aku ora kuliyah taun iki. Aku kepengen banget kuliyah taun iki supaya bisa bareng karo kanca-kancaku seangkatan. Nanging mbuh ah, aku sedhih banget yen kaya ngene.
“Iya pak. Yo wes aku tak budhal sekolah dhisik pak, mbokmenawa ana pengumuman kang penting”.
Kanthi ati kan esih gumun, aku ninggalake Bapak, Ibu lan adhikku. Niyatku arep menyang sekolahan karo kancaku Intan. Sawise nyalami Bapak lan Ibu, aku budhal sekolah.
Nalikane teka ing sekolahan aku lan kancaku Intan mara ing papan pengumuman golek info kang ana kaitane karo kelulusan, jebul durung ana pengumuman apa-apa. Banjur aku karo Intan jagongan ing ngarep mushola sekolah karo ngomong-ngomong apa kang arep dilakoni sawise lulus.
“Wati, kowe arep kuliyah meneh ora?” Intan miwiti omong babagan kuliyah.
“Kepenginku sih ngono, tapi yo embuh. Bapakku ora bisa ngragadi, nanging aku pengen banget kuliyah”
“Lho, aku yo embuh ding. Aku durung ngomong karo Bapakku, nanging yen aku ora diolehi kuliyah aku kerja wae lah ben enthuk dhuwit. Hehe”
“Hmm... ah aku sih pengene kuliyah, aku kaya ora siyap kerja”
“Ya wis, mengko ya ana dalane”
“Aamiin”
“Ayo mulih ah, ora ana pengumuman kok”
Aku lan Intan banjur menyat, mlaku tumuju ing parkiran, liwate ing arep ruwang guru lan BK. Nalikane liwat ing arepe ruwang BK aku lan Intan weruh pengumuman pendaftaran kuliyah jalur SNMPTN. Aku lan Intan mblalak, banjur langsung mlebu ing ruwang BK nemoni guru BK kanggo takon masalah pendhaptaran SNMPTN. Ing ruwang BK ana Pak Lukman, aku takon babagan SNMPTN karo Pak Lukman.
“Pak, pendhaftaran SNMPTN menika menapa nggih Pak?”
“Iku pendhaptaran kuliyah ing perguruan tinggi negeri jalur undangan ndhuk, iku jalur kang paling penak, merga ora nganggo tes, mung nganggo nile rapotmu. Ndhaptar ya ndhuk, eman lho”.
“Sakjane yo kula kersa Pak. Nanging kuliyah menika wonten beasiswa napa boten nggih Pak? Merga Bapak kula boten saged ngragadi Pak”.
“Aja kuwatir ndhuk, kowe bisa ndhaptar program Bidikmisi. Iku beasiswa kuliyah awit nembe kuliyah nganti lulus. Kowe ya oleh dhuwit jatah saben wulan. Sesuk tak ajari ndhuk, mangkat wae ing Sekolahan nggawa persyaratan kaya sing wis tak tempel ana ngarep ndhuk”.
“Oh nggih Pak, maturnuwun nggih Pak”.
“Iya, kanca-kancamu kandhani ya ndhuk”
“Siap Pak”
Krungu apa sing dijelaske Pak Lukman, aku karo Intan krasa seneng poll, pengen ndang sesuk, budhal sekolah maneh nggawa persyaratan kanggo dhaptar kuliyah. Cepet-cepet aku karo Intan balik menyang omah.
Teka ing omah aku langsung nggoleki berkas-berkas kang dadi persyaratane ndhaptar SNMPTN. Aku takon Ibuku werna-werna, kayata KK, KTP Ibu lan Bapak, lan liya-liyane, nanging aku ora ngomong kanggo ndhaptar kuliyah, aku mung ngomong arep kanggo penting. Kabeh tak kumpulake, sawise kumpul tak lebokna tas, wedi sesuk ora kegawa.
Wektu sawengi kaya suwe banget, aku ora bisa turu merga mikirake aku arep ndhaptar kuliyah. Akhire esuke wis teka. Esuk-esuk aku kaya biasane mbantu Ibu, sarapan bareng banjur aku pamitan marang Bapak lan Ibu arep menyang sekolahan. Aku cepet-cepet nyamper Intan kanggo mangkat bareng.
Alhamdulillah wis teka ing sekolahan. Aku lan Intan nggoleki Pak Lukman, jebul wis akeh kanca-kanca sing mangkat. Kabeh bocah kalebu aku lan Intan dikongkon ing ruwang komputer. Ing ruwang komputer kabeh dipandu carane ndhaptar SNMPTN. Akeh banget cara-carane. Kabeh ora rampung sadina merga ana persyaratan liyane maneh, komputer kang kanggo ndhaptar uga gantian mula aku sering balik sore tekan omah. Merga musim udan, aku uga kadang kudanan, nanging aku ora apa-apa, sing penting aku bisa ndhaptar kuliyah.
Nalikane kabeh tahap ndhaptar SNMPTN wis rampung, aku ngrasa lega banget, nanging aku ya rada wedi mbokmenawa ora ketampa, atiku kuwatir.
“Tan, aku wedi yen ora ketampa” aku ngomong ing Intan kang lagi jagong ing sandhingku sawisa bubar ndhaptar.
“Aku ya iya Wati, nanging ya ndonga wae lah, muga-muga ditampa”
“Ah, iya iya. Ora ditampa ya wes, durung rejekine”
“Nah iya kan, yo wes ah ayo mulih”
Aku lan Intan mulih menyang omah. Tekan omah aku wedi arep ngomong karo Bapak yen aku ndhaptar kuliyah, nanging aku tetep ngomong nalika bengi bubar mangan bareng.
“Pak, Bu, aku ndhaptar kuliyah. Aku ndhaptar SNMPTN, iku jalur undangan kanggo kuliyah ing perguruan tinggi negeri. Ndhaptare ora bayar, ora nganggo tes, mung nganggo nile rapot Pak, Bu. Aku ya ndhaptar beasiswa Pak, Bu, supaya ora mbebani Bapak lan Ibu. Beasiswane iku awit mulai kuliyah nganti lulus Pak, Bu”.
Krungu omongku kang mengkono Bapak unjal ambegan, “Yo wes ndhuk yen mengkono, kuliyaha wong iku kepengenanmu. Aku mung bisa mbantu donga supaya ditampa, ora bisa ngragadi. Nanging yen kowe pancen wis bener-bener niyat mengko tak golekke dhuwit kanggo menyang panggonan kuliyahmu. Sing penting kowe kuliyah sing bener”.
“Iya Pak, maturnuwun”
Lega rasane ati iki krungu omonge Bapak kang kaya mengkono. Aku mung kari ndonga supaya ditampa lan ngetung dina kanggo pengumuman. Nanging tetep bae atiku kuwatir mbokmenawa ora ditampa.
Sasuwene ngenteni pengumuman SNMPTN, pengumuman kelulusan diumumake. Atiku gemeter wedi mbokmenawa ora lulus, nanging Alhamdulillah aku lan kanca-kancaku lulus kabeh, Intan uga kang beda kelase lulus. Aku mung kari nunggu pengumuman SNMPTN.
Sawijining dina aku menyang mbak Pen, dolan. Jare mbak Pen ya kepengen kuliyah, merga dheweke pengen dadi guru. Mbak Pen kuwi kancane bulikku kang kerja dadi pengurung SD. Mbak Pen lulusan SMA Terbuka. Mbak Pen ngajak aku supaya ndhaptar kuliyah bareng ing UT, mengko disambi kerja. Aku setuju karo mbak Pen, niyatku kanggo cadangan yen aku ora ketmpa SNMPTN. Akhire aku karo mbak Pen golek info maneh, info kerja lan info ndhaptar UT. Saben dina ora let aku ketemu mbak Pen kanggo mbahas kuliyah lan kerja nganti sadina sadurunge pengumunan SNMPTN. Nalika iku aku malah wis ora percaya yen SNMPTN-ku bakal ditampa, wong jare kaka kelasku SNMPTN iku angel ketampane, taun sadurunge wae ing sekolahku mung siji sing ketampa. Aku malah niyat banget arep kerja karo kuliyah, nanging durung bisa oleh info kang tepat.
Dina kang ditunggu teka, yaiku dina pengumuman SNMPTN. Aku wis pasrah banget, ditampa ya sukur, ora ya ora apa-apa, aku esih bisa kuliyah karo kerja. Dina iku aku ora niyat arep mbuka pengumuman, tak gawe nyante wae, merga yen mbuka pengumuman ya kudu ing warnet, panggone adoh saka omahku. Aku ora ngrasa deg-degan lan gugup dina iku, ora kaya kanca-kancaku kang padha takon aku ketampa apa ora merga kanca-kancaku ora padha ketampa. Sore-sore, Intan takon marang aku lewat SMS, aku ketampa apa ora. Merga aku durung tak buka ya tak jawab bae aku ora ngerti, nanging jarene Intan ora ketampa, terus dheweke jare arep mbukakna pengumumanku. Nomer lan sandi pendhaptaranku tak wenehna ing Intan, ben dibukakna Intan. Ora suwe Intan SMS aku maneh menehi kabar pengumuman. Tanpa diduga, jebul aku ditampa pendaftaran SNMPTN. Ngerti kabar kaya mengkono aku langsung ngomong marang Bapak lan Ibu, kabeh pada ngucap rasa syukur, nanging aku rada ora percaya, mbokmenawa Intan salah weruh wong dheweke wae sing kelase luwih favorit ora ditampa kok, aku sing kelas ecek-ecekan ditampa. Kerana pengen ngerti dhewek, bengi bubar wayah maghrib aku ngajak kancaku menyang warnet kanggo ndheloki pengumumane. Jebul apa sing dikandhakake Intan bener, aku ketampa. Senenge atiku ora ana padhane. Esuke aku langsung menyang sekolahan arep ngurus-ngurus maneh banjur menyang kampuse, digolekna dhuwit Bapak kanggo sangu.
Akhire aku bisa kuliyah, janjianku karo mbak Pen tak batalake merga aku wis ketampa kuliyah ing Universitas Negeri.


Dening: Susilawati (2601414010)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar