Senin, 14 Desember 2015

Curug Penganten


Curug Penganten
Bojong. Sapa sing seneng lelunga menyang alam kang endah lan pemandangange gawe segere mata? mesthi ya padha seneng ta? Lha iki salah sijine wisata alam kang bisa gawe segere mata, bisa gawe segere pikiran. Ya, curug penganten. Curug penganten yaiku salah siji tempat wisata anyar kang ana ing Kabupaten Tegal, sakliyane Danau Beko. Curug penganten ana ing Desa Bojong, Kecamatan Bumi Jawa, Kabupaten Tegal. Curug penganten wujude air terjun loro kang kaya penganten, sesandingan mula diarani curug penganten. pemandangan kang ana ing curug penganten ora kalah karo pemandangan kang ana ing wisata-wisata alam liyane ing Kabupaten Tegal. Nalika arep menyang curug penganten kita bakal ngliwati sawah-sawah kang ana pemandangan pengunungan lan wit-witan ijo. Temtu wae ati bakal krasa bungah nalika weruh pemandangan kang kaya mengkono, etung-etung ya cuci mata lan cuci pikiran merga kurang piknik. hehe. Sakliyane ngliwati sawah, kita uga ngliwati kali kang akeh banget watune. nah ing kene akeh tantangane, kita kudu ngati-ati nalika ngliwati kali, mbokmenawa ora kuwat mlaku bisa nyungseb ing banyu. Pancen pakean bakal teles nalika ngliwati kali, apamaneh yen kaline rada banjir, nanging ana kesan kang ora bisa dilakekake. KIta uga bisa poto-poto sakdawane dalan kanggo kenang-kenangan. Lha sawise tekan ing curug penganten mesthi sapa wae bakal kagum, ora kepengin balik merga pemandangane gawe kabeh beban pikiran ilang. Ing curug penganten sapa wae bisa adus-adusan, banyune seger banget ditambah udarane uga seger lan pemandangane gawe mata mblalak. nanging nalika kali kang arep pinuju curug penganten banjir, warga kang ana ing kana ora ngolihi sapa wae menyang curug penganten, mbokmenawa ana sing kelem lan kegawa playune banyu kali. Nah, ayo padha menyang curug penganten!! :D

Tidak ada komentar:

Posting Komentar