Selasa, 08 Desember 2015

Materi kelas 5 SD Semester 2

1. Kerata Basa
Kerata basa inggih menika negesi tembung saking wandanipun
Tuladhanipun inggih menika:
žPiring     = sepine yen miring.
žTebu     = antebing kalbu.
žCengkir   = kencenging pikir.

žGedhang = digeged bubar (lebar) madhang
2. Layang
Jinisipun layang:
Layang biwara (surat kabar, surat laporan)
žLayang iber-iber (surat kiriman)
žLayang dhawuh (surat perintah)
žLayang lelayu (surat kematian)
žLayang kitir (surat singkat / cekak aos)
žLayang ulem (surat undangan)
Peranganipun layang
 Adangiyah /adawiyah / salam taklim
Papan lan titi mangsa
Salam pambuka
Pambuka layang
Surasa layang
Panutup layang
Peprenah 
Tapak asma
Asma cetha
3. Pandhawa
1.Yudhistira
2. Bima
3. Arjuna
4. Nakula
5. Sadewa
4. Macapat: tegesipun inggih menika maca papat-papat.
Macapat wonten 11;
1. Mijil                    : tresna marang pepadha, prihatin, pituthur
2. Kinanthi              : seneng, tresna
3. Sinom                 : ethes
4. Asmaradana        : susah, seneng
5. Dhandhanggula    : luwes
6. Gambuh              : sumanak, sumadulur
7. Maskumambang   : nelangsa
8. Durma                : nesu, mangkel
9. Pangkur              : kereng, nepsu
10. Megatruh          : susah, prihatin, getun
11. Pocung             : gregetan, kendho

Guru Gatra, Guru Wilangan lan Guru lagu tembang-tembang macapat
1. Maskumambang : 12i, 6a, 8i, 8a
2. Pucung: 12u, 6a, 8i, 12a.
3. Gambuh: 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
4. Megatruh: 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
5. Mijil: 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
6. Kinanthi: 8u, 8i, 8a, 8i
7. Durma: 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i.
8. Pangkur: 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
9. Asmaradana: 8i, 8a, 8e, 8a, 7a,8u, 8a
10. Sinom: 8a, 8i,8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
11. Dhandanggula: 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
5. Paribasa Basa Jawa
1. Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
2. Polahe anteng kitiran; bocah akeh polahe.
3. Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
4. Bathok bolu isi madu = dianggep wong lumrah nanging sugih kepinteran
5. Sadumuk bathuk sanyari bumi = pasulayan dilabuhi toh pati
6. Kejugrukan gunung madu = nemu kanugrahan.
6. ASMANIPUN TURUNAN, ASMANIPUN LARENIPUN MANUNGSA
  1. Kendahana-kendhani : anak 2 lanang, wadon
  2. Kendhini, kendhaha : anak 2 wadon, lanang
  3. Ontang-anting : anak 1 lanang
  4. Unting-unting : anak 1 wadon
  5. Uger-uger lawang : anak 2 lanang
  6. Kembang sepasang : anak 2 wadon
  7. Cukil dulit : anak 3 lanang
  8. Gotong mayit : anak 3 wadon
  9. Saramba : anak 4 lanang
  10. Sarampi : anak 4 wadon
  11. Pandhawa : anak 5 lanang
  12. Pancagati : anak 5 wadon

7. Ngudal ukara
  1. Comil  adus     kali
Jejer wasesa  lesan

  1. Wily    linggih   jejer bolong.
Jejer wasesa   lesan

8. Tegesipun tembung
1.       Dhuwur kenchur; cendhek banget.
2.       Nglemah bengkah; nela-nela/nyela-nyela.
3.       Gemi, nestiti lan ngati-ati.
4.       Welas asih.

Sumber: http://edy-purnomo-sdn2delanggu.blogspot.co.id/2013/06/rangkuman-basa-jawa-kelas-5-sd.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar