Selasa, 15 Desember 2015

Tembang Macapat

Tembang Macapat

Macapat tegese Maca papat-papat. Tembang macapat kuwi cacahe ana sawelas, yaiku: Pocung, Mijil, Maskumambang, Kinanti, Sinom, Asmarandana, Gambuh, Pangkur, Durma, Dhandang Gula, Megatruh.
Tuladha:
Pocung
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese durangkara

Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu

Guru gatra yaiku cacahe gatra kang ana ing tembang
Guru wilangan yaiku cacahe wanda kang ana ing saben gatra
Guru lagu yaiku tibane swara ana ing pungkasaning gatra

Tuladha guru gatra, guru wilangan lan guru lagune tembang pocung ing dhuwur:
Guru gatra: 4
Guru wilangan lan guru lagu: 7u, 6a, 8i, 12a

Tidak ada komentar:

Posting Komentar