Minggu, 06 Desember 2015

Pemandangan danau Beko

Danau Beko- Ya, Danau iki wisata anyar kang ana ing kabupaten Tegal. Masarakat mulai ngerti anane Danau Beko ing taun 2015. Danau Beko kuwi asale saka bekas kedhukan gamping kang ana ing Desa Karangasem, Kecamatan Margasari, Kabupaten Tegal. Bekas kedhukan gamping kang digebyur banyu udan nalika musim rendheng gawe kedhukan gamping dadi danau kang banyune ijo bening. Akeh masarakat kang penasaran karo danau Beko, wiwit saking sekitar desa Karangasem nganti wong-wong saka kecamatan lan kabupaten liyane. pemandangan kang ana ing danau Beko pancen apik, gawe segere mata yen dipandeng, mula ora heran akeh wong sing sengaja teka mung kanggo poto-poto. Saliyane poto-poto, wong-wong uga padha geburan ing danau Beko. Nanging saiki wong-wong wis ora olih geburan maneh merga wis ana wong kang mati nalikane geburan ing danau Beko. wong-wong sekitar danau Beko ana sing ngarani wong mati kuwi kanggo tumbal, ana uga sing ngarani merga ora bisa renang dadi kelem.

Nalika arep menyag danau Beko aja kelalen nggawa dhuwit rongewu kanggo mbayar parkir, saliyane kuwi ora bayar maneh. Ing danau Beko uga ana warung cilik kang dodolan banyu nginung lan jajanan, bisa kanggo ngisi weteng sawise kesel mlaku-mlaku ndheloki danau Beko. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar