Jumat, 04 Desember 2015

Sesorah Narkoba



Assalamu’alaikum Wr.Wb



Para pemudha-pemudhi karang taruna ingkang kula hormati, sumangga kita ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun maringi nikmat saengga kita saged makempal kanthi pinaringan kasarasan saha kawilujengan.



Para kawula mudha ingkang kula tresnani, wonten ing adicara menika, kula badhe mratelakaken babagan narkoba. Kita mangertosi ing jaman samenika pergaulanipun para kaula mudha sampun boten saged dipunkontrol. Kathah sanget pergaulan ingkang saged dados panyebab risakipun mangsa ngajengipun para pemudha. Salah satunggalipun inggih menika pergaulan kang ngginakaken narkoba kangge karenanipun piyambak tanpa menggalihaken dampakipun. Narkoba inggih menika zat utawa obat ingkang asalipun saking taneman utawi sanes taneman ingkang saged ndadosaken kekirangan raos eling lan ngicalaken utawi ngirangi raos nyeri. Ing kadadean samenika narkoba dipunginakaken kanthi cara ingkang klentu dening masarakat, kadosta mung kangge remen-remenan. Tiyang ingkang ngginakaken narkoba menika wiwitipun namung cobi-cobi, lajeng ketagihan, langkung dados karemenan ngginakaken narkoba. Alasanipun tiyang ingkang nginakaken narkoba biasanipun amargi penasaran utawa raos kersa ngertos, kersa remen-remen, supados kawastanan tiyang ingkang gaul, ugi wonten ingkang kangge ngicalaken depresi saengga sasampunipun ngginakaken narkoba, tiyang wau bakal ngraos remen, rileks, bebas, mboten stress ugi saged ndadosaken khayalan ing pikiranipun para tiyang ingkang ngginakaken narkoba.



Para kadang ingkang minulya, prelu sanget kita mangertosi bilih karemenan saking ngginakaken narkoba menika namung sakedhik nanging saged ndadosaken bahaya wonten ing badanipun tiyang ingkang ngangge narkoba. Antawisipun dampak saking narkoba inggih menika menawi sampun ngginakaken narkoba kanthi wektu ingkang dangu, saged dadosaken raos ketergantungan, dhatengaken sesakit komplikasi, sesakit HIV/AIDS, Hepatitis B, ugi saged ngantos dadosaken pengginanipun seda. Pramila kita minangka pemudha kedah saged ngatos-atos, sampun ngantos tumut ngginakaken narkoba. Caranipun supados kita boten tumut ngginakaken narkoba inggih menika minggahaken iman marang Gusti Ingkang Maha Agung, ngupados dados anggota kaluarga ingkang sae, saged milih kanca ingkang sae pergaulanipun, ningkataken prestasi, uga ngisi wektu ingkang kathah kangge kagiyatan-kagiyatan ngkang positip kadosta kersa ndherek organisasi-organisasi sekolah, organisasi-organisasi sosial lan organisasi sanesipunn ingkang saged mbiyantu ningkataken moral ingkang positip.



Para kawula mudha ingkang kula tresnani, kula kinten cekap semanten ingkang saged kula aturaken, menawi kathah klenta-klentunipun anggen kula matur kula nyuwun pangapunten.



Wassalamu’alaikum Wr.Wb


Tidak ada komentar:

Posting Komentar