Selasa, 15 Desember 2015

Memetri Basa Jawa



Nglelimbang Memetri Basa Jawa

1.1 Ratu Kang Lemu Banget (Bab 1 Jilid 1)
Alesan: Ing jerone bab Ratu kang Lemu banget akeh tembung-tembung kang wis biasa digunakake ing pocapan sadina-dina. Ratu Kang lemu Banget uga materine akeh kang trep karo conto-conto kelakuane wong kang becik mula pantes ditiru.
1.2 Keluwihane bab 1: Ing ban 1 njabarake unggah-ungguh basa nganti 3 tingkat, mulai wiwit ngoko, krama krama inggil. Akeh nasehat-nasehat kang diutarakake ana ing bab Ratu Kang Lemu Banget, kayata Ngingu satru nglelemu mungsuh kang artine mbeciki wong bakal namakake piala, kuwi bisa dadi conto nasehat kang bisa ditiru, apa maneh nganggo ukara kang ora makna sing sebenere, bocah-bocah bisa ganti wangsalan karo kancane lan bisa padha nasehati kanca-kancane. Keluwihan liyane yaiku ukara kang digunakake ing carita Ratu Kang Lemu Banget isih sederhana, dadi gampang dingerteni lan basa kramane alus, bisa nyinauni bocah babagan unggah ungguh basa. Ing bab Ratu Kang Lemu Banget bisa nambah kawruhe bocah merga mbahas dasanama yaiku tembung loro utawa luwih sing padha tegese kang bisa mbiyantu nalika bicah weruh ukara ana ing wacana kang nduweni tembung sing padha tegese karo tembung sing disinauni ana bab iki. Kayata tembung misuwur kang nduweni teges liya kawentar, kasusra, kalok, kaloka, kajanap, kombul, kajuwara, kondhang, kaonang-onang, kongas, tap lan tembung kang nduweni makna akeh liyane. Tembung-tembung kang dibahas ana bab iki uga ana unggah-ungguh basa werna telu yaiku krama, krama inggil, lan krama andhap. Nyinauni telung unggah-ungguhh basa kuwi bisa dadi keluwihane bab iki merga bocah-bocah bisa nyinauni unggah-ungguh basa kang ana ing budaya Jawa lan bisa nerapake ing lingkungane supaya bisa nduweni sopan santun karo wong sing luwih tuwa, wong sing nembe kenal, utawa kancane dhewek. Kaluwihan liyane maneh yaiku ana bab kasusastran kang mbahas babagan sastra-sastra sing ana ing Jawa. Bab iki bisa ngenalake babagan kasusastra kang ana lan bisa melu nguri-uri kasusastran kang ana supaya ora ilang utawa direbut dening wangsa liyane.

1.3 Kekurangane bab 1: kekurangan kang ana ing bab siji yaiku ukara-ukara kang dibahas babagan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar