Kamis, 17 Desember 2015

Cerkak

TKW

Pancen uripe wong cilik kuwi kurang sejahtera, apa maneh yen ora duwe bakat apa-apa, mung bisa nyangga janggut karo nylekedhong golek welas asih. Kahanan kang kaya mengkono kuwi ora dikepengini Yanti, wong wadon ayu kang wis duwe anak loro nanging rupane esih katon enom kaya kenya. Kanggo urip kang sejahtera Yanti rela rekasa ing negarane wong liya. Yanti diajak sedhulure kerja menyang Malaysia dadi TKW, golek dhuwit kana kang regane luwih larang nalika diijol dhuwit Indonesia. Sakjane ya Yanti ora kepengin, nanging anak-anake Yanti kudu dipakani, apamaneh Yanti lan bojone uga duwe utang akeh merga bojone nembe kena tipu. Kanthi niyat mbayar utang, bojone Yanti uga melu goleh dhuwit kanthi kerja pelayaran. Nalika arep pelayaran, modhale ya utang maneh puluhan yuta. Budreg banget penggalihe Yanti lan bojone, mula lanang wadon nekad mangkat kerja menyang luwar. Bojone Yanti sakjane ora sarujuk yen Yanti melu mangkat kerja menyang luwar merga mesakake anake kang esih bayi, nembe lair patangpuluh dina wis arep ditinggal lunga adoh. Ibune Yanti kang arep njaga anake uga wis tuwa, mesthi kurang nalikane ngurusi anake Yanti. Nanging yanti tetep wae nekad arep kerja menyang luwar merga niyate wis kentel arep mbantu bojone supaya bisa cepet lunas utange. Sikape Yanti kang kaya mengkono ora disenengi dening bojone, mula gawe padune lanang wadon. Merga Yanti ora nurut, nalika wis kerja bojone Yanti yen kirim dhuwit kanggo beaya anake ing omah ora akeh, dhuwit kasabane dianggo nyaur utang lan ditabung dhewek. Sikap kang kaya mengkono gawe nesu Yanti, malah nganti arep pisahan karo bojone nalika wis padha balik ing omah.
Kerjane Yanti dadi TKW hasile bisa kanggo nyukupi kabutuhane anake ing omah senajan kerjane rekasa, malah Yanti oleh majikan kang pelit lan galak. Ora suwe kerja Yanti wis sering digawe lara karo majikane, malah paspore Yanti disita dening majikane. Naas maneh, jebul wong kang ngurusi Yanti nalika arep menyang Malaysia kuwi lembagane ilegal, dadi Yanti ora bisa ditulungi apa-apa. Yanti dikon majikane bayar patangewu ringgit nalika arep jaluk paspore kang disita, nanging Yanti  ora gelem, merga ora duwe dhuwit akeh, dhuwite wis dikirimake marang Ibune. Saben wengi Yanti nangisi nasibe, ora ana wong kang bisa nulungi, ora ana kanca, ora ana sedulur. Sing biyene ngajak Yanti ya ora bisa nulungi. Akhire Yanti nekad kabur saka omahe majikane, lunga golek wong apik kang bisa nulungi Yanti. Begjane Yanti, ing dalan nalikane Yanti ngiyub ing ngisore wit-witan karo nangis, nalika kuwi uga panas, ana wong lanang perawakan gedhe lan dhuwur ngampiri Yanti.
“Kowe kena apa kok nangis ana kene?” wong lanang mau katon apik nalika takon, ora kaya wong kang nduweni niyat kang jahat.
Yanti mung gedheg sirahe merga wedi mbokmenawa wong kuwi nduweni niyat kang jahat.
“Tenang, aku ora nduweni niyat jahat, aja mikir sing ora-ora” wong lanang mau mesem ing Yanti.
“Aku kabur saka omahe majikanku” kandhane Yanti esih karo nangis.
“Lho, kena apa kok kabur?”
“Majikanku kereng, sering gawe lelara, pasporku uga disita, lembaga kang nyalurake aku mrene jebul ilegal, aku ora duwe sanak sedulur ing kene mula aku bingung” ujare Yanti kang banyu matane tambah mbrebes mili.
“Owalah, asalmu saka endi toh?”
“Aku saka Indonesia”
“Oh Indonesia.. kenalake aku Salim, asli wong kene” wong lanang mau ngajak salaman marang Yanti
“Yanti” Yanti nampa salame Salim, coba percaya karo Salim.
“Aja wedi, aku wong apik. Yen kowe gelem melua aku, tak ajak kerja ing tempat kerjaku”
“Kerja apa?”
“Wis melu wae, aja kuwatir, bakale halal”
Merga Yanti bingung arep marang endi maneh, akhire Yanti melu Salim, coba percaya marang Salim padahal atine rada wedi nanging Yanti pasrah wae marang sing gawe urip. Sukur Salim pancen ora ana niyatan elek karo Yanti. Yanti diajak kerja ing rumah makan pesenan, padha wae kaya kerjane Salim. Wiwit kuwi Yanti melu turu ing omahe Salim. Salim pancen wong apik, gelem nulungi Yanti kanthi menehi kerjaan kang penak. Nanging Yanti kudu waspada, sering umpetan nalikane ana razia warga ilegal dening polisi merga Yanti ora nduweni paspor. Yanti bakal dikunjara nalikane ketangkep merga dianggep penyelusup.
Wis suwe anggone Yanti urip melu Salim, antarane wong loro thukul tresna ing ati kang gawe padha lali asale. Salim ora preduli asale Yanti saka endi, lan Yanti uga wis ora urus karo bojone kang wis gawe kuciwa lan gawe susahe ati merga ora ana kabare. Saya suwe Yanti lan Salim saya lengket, lorone gawe sesambungan senajan durung resmi nanging padha-padha njaga.
Suwene Yanti urip ing negara liya nganti nandhang sengsara dawa ora gawe Yanti lali marang anak lan Ibune ing omah. Yanti esih kerep ngabari lan ngirim dhuwit marang Ibune. Ibune ngarepake supaya Yanti balik menyang omah, nanging Yanti ora bisa, dheweke durung gawe paspor maneh merga tabungane durung nyukupi. Ibune mung bisa nangis nalikane telpunan karo Yanti, mesakake marang Yanti, kudu golek dhewek sekabehane. Yanti ya sakjane kepengin banget balik menyang omah merga wis telung taun ora balik, Yanti kepengen ketemu karo anak-anake, sing ragil mesthi wis gedhe, nalika telpun wae wis bisa ngomong. Yanti mung bisa ndonga kanggo anake, lan usaha nabung luwihan dhuwit sing wis dkirim menyang Ibune supaya bisa gawe paspor.
Senajan sedhih merga ora bisa ketemu anake, Yanti kerep digawe bungah dening Salim, wong beda negara kang saiki ditresnani Yanti. Saben dina Yanti lan Salim wong loronan ora pisah, kaya padha ora kepengin ditinggalake. Tresnane Salim marang Yanti jero banget, nganti rela nuruti apa wae kang dikarepake dening Yanti. Keluwargane Salim uga wis ngerti sesambungane Salim karo Yanti, gelem nrima Yanti apa anane. Malah yen Yanti duwe paspor mesthi wis dibojo dening Salim. Nanging Yanti uga esih mikiri anak-anake ing omah, kepengin balik menyang omah.
Anggone Yanti kerja melu Salim wis suwe, dhuwit tabungane wis bisa kanggo gawe paspor. Bungahe atine Yanti nalika wis bisa gawe paspor ora keri Salim melu mbantu Yanti gawe paspor, gelem nganter ngalor-ngidul ngurus kabeh sing dibutuhake kanthi paspore Yanti dadi.  Paspor dadi, Yanti bisa balik menyang omah sawise patang taun urip ing Malaysia. Nalikane arep balik, Yanti pamitan dhisik marang kaluwargane Salim, banjur dianter Salim menyang Bandara Kualalumpur. Sakjane Salim ora rela yen Yanti balik, merga tresnane banget marang Yanti, ora kepengin pisah, Yanti uga mengkono, nanging Yanti kudu balik ketemu karo anak-anake lan Ibune. Ing Bandara wong loro padha tetangisan, rangkul-rangkulan, padha ora gelem pedhote.
“Aku tresna banget marang kowe Yan, aku ora pengen pisah karo kowe” ujare Salim karo mbrebes mili.
“Iya Mas, aku ya tresna banget marang kowe. Suwun ya Mas, wis nulungi aku sasuwene iki”
“Iya yan. Aku janji bakal nyusul kowe menyang Indonesia, ngajak kowe rabi”
“Iya Mas”

Sawise rerangkulan yanti banjur mlebu Kapal mabur. Kapal mabur cepet banget mabure, ora suwe Yanti tekan ing Indonesia banjur numpak mobil balik menyang omah. Ing omah keluwargane wis padha ngenteni, anake, Ibune, Mbakyune lan sedulur liyane. yanti seneng banget bisa balik omah ketemu anak-anake senajan ora ketemu bojone. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar